sugeng rawuh


widget

Jumat, 28 Agustus 2015

Wangsalan

 WANGSALAN
Wangsalan iku unen-unen cangkriman nanging dibatang (dibedhèk) dhéwé. Ukarané ora persis nanging mèmper waé. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik, bisa uga awujud tembang. Tuladha sing wujud ukara:
  • Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni. (saron bumbung=angklung)
  • Njanur gunung, kadingaren sliramu teka. (janur gunung=aren).
Tuladha sing wujud tembang:
  1. Jirak pindha munggwing wana
  2. Sayeng kaga we rekta
  3. Sinambi kalaning nganggur
  4. Wastra tumrap mustaka
  5. Pangikete wangsalan kang sekar pangkur
  6. Kinarya langen pribadi
Batangane:
  • Jirak pindha munggwing wana = wit kesambi.
  • Sayeng kaga = piranti kanggo nyekel manuk (kala).
  • We rekta kang muroni = iket.
  • Baon sabin = karya.

Jenisé Wangsalan

  • Wangsalan lamba yaiku wangsalan kang mung isi batangan (tebusan) siji. Unen-unen wangsalan lamba mung saukara kang kadadean saka rong gatra. Gatra kang ngarep isi wangsalan, gatra sing isi batangané.
Tuladha: Pindang lulang, kacek apa aku karo kuwe (Pindhang lulang = Krecek)
  • Wangsalan rangkep (camboran) yaiku wangsalan sing isi batangane luwih saka siji. Unen-unene wangsalan rangkep kadadeané saka rong ukara, siji-sijine ukara kadadean saka rong gatra.Ukara kapisan isi wangsalan ukara kapindho isi batangane.
Tuladha: Jenang sela, wader kalen sasonderan. (Apu, sepat) Apurata, yen wonten lepat kawula
  • Wangsalan memet yaiku wangsalan sing carane nggoleki batangane sarana ngoceki maksuding tetembungane ambal ping pindho.
Tuladha: Uler kambang, yen trima alon-alonan Oncek-oncekan kapisan: Uler kembang maksude lintah Oncek-oncek kapindho: Wanda tali ing tembung lintah, dianggap wancahane tembung kang surasane alon-alonan, yaiku tembung satitahe. Tembung satitahe ateges ora ngaya, mung tumindk sakepenake bae, kanthi alon-alonan.
  • Wangsalan padinan yaiku ana sing nganggo nyebutake batangane, la nana sing tanpa nyebutake batangane, marga wong-wong sing pandha krungu (maca) dianggep wis ngerti maksude (batangane).
Tuladha: Wong kae sajatine wis krungu kandhaku, nanging njangan gori. Gori iku mathuke digudhèg. Njangan gori = nggudhèg. Maksude wangsalan njagan gori yaiku mbudheg, api-api ora krungu.
  • Wangsalan mawa paungeran tartamtu
Wangsalan mawa paungeran tartamtu kena kaperang dadi loro, yaiku:
Mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda Kang mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda iku wangsalan lamba (mung isi batangan siji).Unen-unen mung saukara kang kadadean saka rong gatra.Gatra ngarep 4 wanda, isi wangsalan : gatra buri 8, isi batangane. Tuladha: Reca kayu, golek kawruh rahayu.(reca kayu = golek)
Mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda ) X 2 = 24 wanda Kang mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda) x 2 = 24 wanda yaiku wangsalan rangkep (isi batangan luwih saka siji). Unen-unen rong ukara, saben saukara kadadean saka rong gatra. Ukara kapisan (rong gatra) isi wangsalan, ukara kapindho (rong gatra) isi batangane. Tuladha:
Sayuk rukun, wulang wido mangsa rowang = 4 wanda + 8 wanda
Sayektine, wit saking bondho kawula = 4 wanda + 8 wanda
Sayuk rukun = saiyeg, saeka praya
Wulang wido mangsa rowang = bido
  • Wangsalan edi-peni yaiku wangsalan sing mawa paungeran .
  1. Unen-unene kadadean saka 2 ukara (wangsalan rangkep)
  2. Saben saukara kadadean saka 2 gatra (4 wanda + 8 wanda )
  3. Ukara kang kapisan (yaiku kang isi wangsalan) mawa purwakanthi guru swara lan purwakanthi basa utawa purwakanthi lumaksita.
Tuladha: Tepi wastra, wastra kang tumprap mustaka. (Kemada,iket) Mumpung mudha, nggegulanga ngiket basa.
  • Wangsalan kang sinawung ing tembang yaiku cacahé wandane lan tibaning swarane ing wekasaning gatrane ora tartemu, sebab kawengku ing guru wilangan lan guru laguning tembang. Guru wilangan lan guru laguning tembang kudu tansah menang, lire: ora kena owah, kudu tansah manut paungeraning tembang.
Tuladha: Sinom
Edane wong keneng guna, ambatik sinambi nangis, malam wuntah balabaran, geni mati muring-muring, prembenahan mbrebes mili, gawangan sinendhal putung, ya talah ta si kakang, puluh-puluh awak mami, petis manis wis kudu dadi pocapan.
Petis manis = kecap
  • Wangsalan kang sinawung ing tembang yaiku cakepan ing umpak-umpaking gendhing, gerong lan senggakan, kerep kanggo wangsalan (dilagokake dening pesindhen, niyaga utawa bocah-bocah sing padha manembrama).
Tuladha:
Pangkur Lamba (slendro Pantet 9)
Purwaka (buka,Basa)
Kembang adas sumebar neng tengah alas
Tuwas tiwas anglabuhi wong ora waras
Alah bapak, balung jagung saguhku isih janggelan
Wiwit gerong sing baku
Lagu gendhing pangkur lamba
Maweh gumirah wardaya
Tur mathuk kinarya aba
Mlaku bareng ulah raga
Balung jagung:maksude janggel
Janggelan = during tetep, isih kudu janji maneh, sendhe, bisa uga wurung.
Tuladha wangsalan ing tembang campursari kangen Kangen Pitung sasi lawase nggonku ngenteni, mung sliramu wong bagus kang dadi ati, rina wengi mung tansah takimpi-impi, jroning ati kangenku setengah mati, jenang gula ya mas ya mbok aja lali, ngelingana rikala jaman semana, sliramu janji aku setya ngenteni, lair batin tresnaku terusing ati, kangen wong kangen ngene-ngene rasane, rindhu-rindhu tambane kudu ketemu, klapa mudha enake kanggo rujakan, leganana aku kang nandhang kasmaran, mbalung janur wong bagus takanti-anti, ngusadani wong kangen kang antuk jampi

  • Carané ngarang wangsalan sing dikarang luwih dhisik, perangan buru (ukara sing isi batangane), banjur ngarang perangan ngarep (ukara sing isi wangsalane). Dadi pangarangé perangan ngarep (ukara kang isi wangsalan) tiba keri.

Rabu, 12 Agustus 2015

Nggayuh Cita-Cita



NGGAYUH CITA-CITA


Semua orang punya “gegayuhan” atau cita-cita. Untuk mencapainya, orang harus punya bekal yaitu ilmu. Ilmu sebagai “teken” (tongkat) dilandasi ketekunan maka akan “tekan” (sampai ke tujuan). Dengan demikian rumus kita adalah: Tekun, Teken, Tekan. Ketekunan dalam hal ini adalah “Laku”. Ingat bahwa “Ngelmu iku kelakone kanti laku” yaitu “mengurangi makan dan tidur, tidak foya-foya dan hidup prasaja. Kalau dikatakan “lekase lawan kas; tegese kas nyantosani”maka yang dimaksud adalah kebulatan tekad dan keyakinan bahwa kita akan memperolehnya. Mohon merujuk ke tulisan “laku” supaya ing sasmita amrih lantip.
            Daftar pitutur di bawah bersumber dari Butir Butir Budaya Jawa koleksi Prof. Rusdibjono (BBB). Terjemahan (setengah bebas) saya tulis di bawah naskah bahasa Jawanya. Selamat membaca, disertai harapan semoga bermanfaat.

1. CITA-CITA: UNTUK MENCAPAI TINGKAT HIDUP LEBIH TINGGI LAHIR DAN BATIN

Nggayuh kaluhuran lire ngupaya tataraning urip kang luwih dhuwur. Dhuwur lahir lan batin ya tumrap dhiri pribadine uga sumrambah kanggo karaharjaning bebrayan. Nanging yen kandheg salah siji, tegese gothang. Yen mung nengenake kaluhuraning lahir genah mung ngoyak drajat lan semat, isih miyar-miyur gampang kena pangaribawa saka njaba. Yen ngemungake kaluhuraning batin, cetha ora nuhoni jejering manungsa, awit ora tumandang ing gawe kanggo keperluwaning bebrayan. Ateges tanpa guna diparingi urip ana ing alam donya. (BBB)
            TERJEMAHAN: Ingin memperoleh keluhuran adalah upaya untuk meraih tingkatan hidup yang lebih tinggi. Tinggi lahir maupun batin, untuk diri sendiri dan menyebar ke guna kesejahteraan keluarga dan masyarakat. Tertinggal salah satu berarti timpang. Mengutamakan keluhuran lahir saja jelas hanya mengejar derajat dan harta. Berarti masih terombang-ambing dan mudah kena pengaruh luar. Bila hanya mengutamakan keluhuran batin, jelas tidak menetapi hakekat manusia, karena tidak bekerja bagi keperluan masyarakat. Berarti tidak ada manfaatnya hidup di dunia

2. MENCAPAI CITA-CITA: HARUS DILANDASI ILMU

Urip tanpa gegayuhan luhur, bebasane kaya lelawuhan tanpa uyah, sepa tan mirasa. Gegayuhan biasane kasembadan kudu sinartan ngelmu, jalaran ngelmu mono pancen sangune ngaurip, wondene ngelmu iku tinemu ing laku lan tandang. Sakehing tandang ora becik kelakone yen ora mapan. Lire, bisaa tansah ngelingi marang jantraning kahanan. Wong kang tandang tanduke mapan, angel kepepete, jalaran yen mapan mesthi cepak waspadane. Dene waspada mono sirikane mala lan adoh saka bebendhu. (BBB)
            TERJEMAHAN: Hidup tanpa cita-cita ibarat lauk tanpa garam, hambar, tidak sedap. Cita-cita bisa terlaksana harus dilandasi ilmu, karena ilmu adalah bekal kehidupan. Ilmu diperoleh dari “laku” (belajar tekun) dan “tandang” (bekerja). Supaya “tandang” terlaksana dengan baik, kita harus mapan. Kita harus senantiasa ingat jantera kehidupan. Orang yang tindak-tanduknya mapan, jarang mendapat kesulitan karena selalu waspada. Waspada adalah musuh utama malapetaka.
  
3. LANDASAN MENCAPAI CITA-CITA: TEKAD BUDI SENTAUSA

Dhasar premati tumraping wong duwe tekad lan duwe gegayuhan yaiku tekad budi santosa. Sarana ndulu kaca benggala kang kita alami saben dina, teteg kawegigane pikir bae ora mujudake gaman pamungkas tumrap kasembadaning sedya. Mula yen mung ngendelake marang punjuling nalar lan moncering kawruh bae, tanpa mengkoni ing budi santosa, atine gampang miyar-miyur, gampang kasinungan ing watak sesongaran sing adhakane banjur kacenthok pancabaya, ubayane banjur mbalenjani. (BBB)
            TERJEMAHAN: Dasar utama bagi orang yang mempunyai cita-cita adalah “tekad budi sentausa”. Bercermin pada pengalaman yang kita alami sehari-hari, kepandaian saja bukan merupakan senjata pamungkas untuk tercapainya keinginan. Oleh sebab itu kalau hanya mengandalkan kemampuan ilmu saja tanpa dilandasi tekad budi sentausa, hati kita masih terombang-ambing, masih mudah dihinggapi watak menggampangkan yang biasanya akan mengalami banyak hambatan. Hasilnya adalah kegagalan.

4. MENCAPAI CITA-CITA: “KERJA” DILANDASI KEYAKINAN AKAN TERCAPAI

Siji-sijining dalan amrih kaleksananing gegayuhan, yaiku makarti sinartan kapercayan lan keyakinan menawa apa kang sinedya mesthi dadi. Yen kita mung kandheg ing gagasan lan kukuhing karep bae, tanpa tumandang lan makarya minangka srana panebuse, wohe ya ora beda kaya dene pangimpen. Cilakane maneh, yen selagine nganggit anggit mau wis kaselak ngrasakake kanikmatane ing pangangen-angen, wusanane dadi lumuh ing gawe lan wedi ing kakewuh (wedi kangelan).
            TERJEMAHAN: satu-satunya jalan untuk mencapai cita-cita adalah bekerja dengan landasan kepercayaan dan keyakinan bahwa apa yang dicita-citakan akan tercapai. Kalau hanya berhenti di gagasan dan kekerasan tekad saja tanpa bergerak dan bekerja hasilnya tidak akan beda dengan mimpi. Lebih celaka selama kita menggagas sudah merasakan kenikmatan dalam angan-angan. Hasilnya menjadi malas bekerja dan takut mendapat kesulitan.

5. MENCAPAI CITA-CITA: KERJA KERAS DAN TELATEN

Banyu iku bisane bening yen wis menep. Senadyan maune buthek, nanging yen wis menep, iya banjur bening. Semono uga tumrap pepenginan utawa gegayuhan yen diudi nganti katog lan menep ing tembe buri uga bakal kasinungan sifat bening. Lire, nadyan pepenginan lan panggayuh bisa kaleksanan klawan tumuli, ewa semono yen ditlateni suwening suwe uga bakal kasembadan.
            TERJEMAHAN: Air biasanya bening kalau sudah mengendap (kotorannya). Walaupun sebelumnya keruh, tetapi setelah mengendap, akan menjadi bening. Demikian pula cita-cita. Kalau kita upayakan sungguh-sungguh dan mengendap (maksudnya telaten) akan bening (tercapai) juga di kemudian hari. Artinya, walaupun cita-cita ada yang bisa segera terlaksana, tetapi kalau kita tlaten lama-lama pasti akan tercapai

6. MENCAPAI CITA-CITA: HARUS MELANGKAH DISERTAI “NALAR”

Sapa sing duwe panjangka kudu wani jumangkah, jer katekaning sedya iku mung bisa maujud menawa dilakoni lan ora nyimpang saka katekadane. Karep lan sedya, jangka lan panuwun, iku saumpamawong lelungan mono tumuju papan kang arep diparani utawa dijujug. Dene kekarepan iku kudu ana kanthine, yaiku nalar. Jalaran kekarepan tanpa nalar ora beda karo karepe bocah cilik. Kejaba tanpa teges, uga sok tanpa wasana, satemah ora ana dadine (BBB) 
TERJEMAHAN: Orang yang mempunyai cita-cita harus berani melangkah, karena tercapainya keinginan kita hanya bisa terwujud kalau dijalani dan tidak menyimpang dari tekad kita. Keinginan dan niat, waktu dan doa, semisal orang bepergian harus ditujukan kepada tempat yang akan kita datangi. Keinginan harus punya pengawal. Adapun pengawalnya adalah “nalar”, atau otak. Karena keinginan tanpa “nalar” ibarat keinginan anak kecil. Selain tanpa makna juga tanpa tujuan, hasilnya tidak tercapai

7. MENCAPAI CITA-CITA: MAJU TERUS PANTANG MUNDUR

Angger wong mesthi suthik diarani cupet nalare, cilik aten, lan kendho tekade. Mulane yen darbe karep aja mundur merga luput sepisan pindho bae, prayoga ambalana maneh nganti katekaning sedya. Samubarang pegaweyan menawa kok temeni wiwit saiki mesthi bakal bisa ngundhuh bageyan lan kauntungan. Apa kang kok sedya bakal tumeka, pituwase lagi ketemu mburi 
TERJEMAHAN: Semua orang pasti tidak mau dikatakan berpikiran sempit, kecil hati, dan kendor tekadnya. Oleh sebab itu apabila mempunyai cita-cita jangan mundur hanya karena satu dua kali kegagalan. Harusnya kau ulangi sampai tercapai. Semua pekerjaan kalau kau tekuni mulai sekarang, pasti akan memetik hasil dan keuntungannya. Apa yang kau inginkan bakal tercapai di kemudian hari,

8. MENCAPAI CITA-CITA: DILARANG RAGU-RAGU

Yen darbe karep lakonana kanthi gemblenging tekad kang nyawiji, adhepana sarana makarti kang madhep lan mantep. Sangune kudu ati sing tatag, ora ngedhap nadyan mengerti yen dalan kang diambah kebak parang curi. Yen tansah rongeh lan rangu-rangu, ateged mung wani ing gampang, wedi ing pakewuh, samubarang kang sinedya ora bakal ginayuh.
            TERJEMAHAN: Seorang yang mempunyai cita-cita harus menjalani dengan tekad yang bulat, menghadapi dengan bekerja mantap. Bekalnya harus berani dan tidak mundur walaupun banyak rintangan dihadapi. Bila selalu ragu-ragu, berarti hanya mau gampangnya saja, takut menghadapi kesulitan dan semua yang dicita-citakan tidak akan tercapai

9. MENCAPAI CITA-CITA: HARUS PANDAI BERGAUL

Kecandhaking sawijining idham-idhaman iku ora cukup mung dibandang moncer lan pepaking ilmu lan kawruh bae. Nanging ana syarat siji kang ora kena kalirwakake, yaiku kapinteran ing bab sesrawungan. Sapa kang bisa tumindak ajur-ajer lan bisa nuwuhake rasa resep marang liyan, prasasat wis entuk pawitan kanggo nandangi sakehing pagaweyan apadene nggayuh idham-idhamane
TERJEMAHAN: Tercapainya cita-cita tidak cukup bermodal kekuatan dan kelengkapan ilmu pengetahuan saja. Masih ada satu syarat yang tidak boleh terlewatkan yaitu kepandaian dalam bergaul. Siapa yang bisa “manjing ajur ajer” (menyatu) dan mampu menumpuhkan rasa suka kepada orang lain, sesungguhnya sudah memiliki modal untuk mengerjakan semua pekerjaan dan mencapai cita-citanya

10. JABATAN TINGGI: MULAILAH DARI PALING BAWAH

Yen kepengin nglungguhi pangkat kang dhuwur luwih prayoga dikawiti saka kalungguhan kang endhek dewe. Awit klawan mengkono ing tembe kowe ora bakal disepelekake dening andhahanmu. Lan kang utama kowe nuli bisa madeg dadi pemimpin kang bisa nglungguhi ing kawicaksanan, adoh saka watak degsura, anane mung sarwa kebak rasa tepa selira.
            TERJEMAHAN: Bila ingin menduduki jabatan yang tinggi sebaiknya dimulai dari yang paling bawah. Hanya dengan itu kelak kamu tidak akan disepelekan bawahanmu. Dan yang utama, kamu bisa segera menjadi pemimpin yang bijaksana, jauh dari watak mau menang sendiri dan penuh tenggang rasa.

11. JANGAN PERNAH MERASA DITAKDIRKAN SIAL

Aja sok rumangsa tinitah apes nganti gawe pepesing semangatmu. Malah prayoga dinarima apa kang wis sira tampa saka kanugrahaning Gusti Kang Maha Kuwasa. Awit ngelingana menawa ora kurang-kurang titah kang luwih cingkrang lan luwih cacad tinimbang sira. Suprandene dheweke babar pisan ora kawetu nutuh marang Gusti Allah. Kang mangkono mau ora liya marga saka kandele imane lan yakin marang keadilaning Pangeran Kang Maha Kuwasa marang sakabehing lelakon kang dumadi ing jagad raya iki
            TERJEMAHAN: Jangan pernah merasa ditakdirkan sial sehingga membuat luluh semangatmu. Lebih baik kamu menerima apa yang sudah kau dapat dari Allah Yang Maha Kuasa. Ingatlah banyak manusia yang lebih papa daripadamu tetapi mereka tidak pernah menyalahkan Allah SWT. Hal ini karena tebalnya iman mereka ditambah keyakinan akan keadilan Allah Yang Maha Kuasa terhadap semua kejadian di jagad raya ini

12. BOLEH TIDAK PUAS UNTUK PEKERJAAN TETAPI JANGAN KEBENDAAN

Ginubel dening rasa “Tansah kurang marem” marang asiling pakaryan utawa jejibahan kang diayahi, sauger ora ngangsa-angsa, sayekti malah dadi pamecut kang becik kanggo luwih maju. Nanging yen rasa tansah kurang marem mau ngenani wuwuhing donya-brana, ora beda kayadene reridhu sing estine mung tansah rinasa kayadene pasiksane ngaurip.
            TERJEMAHAN: Terikat dengan rasa “tidak pernah puas” terhadap hasil pekerjaan atau tugas yang sedang diemban, sepanjang tidak “ngaya” sebenarnya merupakan cambuk yang baik untuk kemajuan. Tetapi kalau rasa kurang puas tersebut mengenai tambahnya hartabenda, tidak beda dengan godaan yang selalu menjadi siksaan hidup.

PENUTUP

Cita-cita tidak mungkin dicapai secara instant, langsung jadi. Harus setapak demi setapak ibarat orang menaiki tangga. Bila ingin punya kedudukan tinggi ya harus mulai dari bawah, sehingga kita mempunyai penghayatan bagaimana rasanya menjadi bawahan, dengan demikian kita akan menjadi pemimpin yang lebih bijak. Wasiyat Dalem Sri Mangkunegara III mengatakan: Yen perintah wong sarat kudu nglakoni dhisik. Bila ditimpa kegagalan beruntun jangan cepat-cepat memvonis diri sebagai orang yang apes. Kegagalan adalah cambuk untuk maju. Syarat punya karep: harus ulat madhep ati mantep.