sugeng rawuh


widget

Rabu, 01 Agustus 2018

ANOMAN DUTA


ANOMAN DUTA

              Dewi Shinta wis kalakon diboyong dening Rahwana ya Dasamuka kang lunyu ilate menyang Kraton Ngalengkadiraja. Dewi Shinta dipapanake ing Taman Keputren. Sang Dewi ora gelem mangan lan ora gelem ngombe, mulane badane kuru aking. Rambute kang dawa katon kaya gimbal amarga suwe ora adus. Kabeh iku katindakake supaya Rahwana ora kayungyung maneh marang Sang Dewi. Lunga menyang ngendi wae, Dewi Shinta tansah nyangking cundrik utawa keris cilik kanggo njaga kaslametane. Sawektu-wektu Rahwana diraja nggadho ati lan teka arep ngrudhapeksa, Shinta bakal mati suduk salira utawa bunuh dhiri.
           Ing Taman mau, Dewi Trijatha kang bisa ngarih-arih lan nglelipur Shinta supaya gelem mangan. Dewi Trijatha kuwi putra atmajane Gunawan Wibisana. Gunawan Wibisana iku adhine Dasamuka. Dadi Dewi Trijatha isih ponakane Rahwana. Dewi Trijatha arupa ayu lan alur bebudeni, ora kaya buta Ngalengka. Upama ora ana Trijatha, Dewi Shinta wis mati suduk salira.
           Dewi Trijatha kasil ngarih-arih Dewi Shinta supaya ora suduk salira. Dewi Shinta nalangsa banget uripe ing tangane mungsuh. Kanthi anane Trijatha, Shinta dadi jembar segarane.
           Kacarita, Sri Ramawijaya, yaiku garwane Dewi Shinta kasil dadi ratu lan angratoni bangsane kethek wanara, ya saka kraton kethek Guwa Kiskendha andhahane lan wadya balane sugriwa. Salah sijine dina, Ramawijaya seperlu golek sisik melik/mata-mata ngenani kaanane Dewi Shinta. Kang diutus utawa dadi dhuta yaiku Kehtek Putih kang aran Anoman.
           Anoman wis dadi dhuta utusane Ramawijaya, mula banjur njunjug menyang Taman Keputren. Ing kono Anoman bisa nemoni Dewi Shinta lan Dewi Trijatha, malah bisa ngaturake ali-aline Sri Rama menyang Dewi Shinta. Sawise oleh sisik melik lan kaanan liyane, anoman ya Kethek Putih banjur bali. Nanging nalika arep pamit bali, konangan para prajurit Alengkadiraja, lan dirangket nuli disowanake marang Prabu Rahwana. Dening Rahwana, anoman kapatrapan paukuman yaiku bakal diobong ing alun-alun Ngalengka. Ngadhepi kaanan kang kaya mangkono, Rewandaseta utawi Kapiseta tatag tanggon tanpa miris, tanpa gigrig manahe. Ing batine, kabeh prakara kang bener, bakal pener lan prakara kang luput utawa salah mesthi bakal seleh. Iki minangka watak kasatriya kang patut ditiru. Ora gigrig lan wedi paukuman, nanging paukuman kang wedi marang bebener.
           Kacarita, Kethek Putih ya Anoman nglakoni paukuman. Nanging senajan diobong, Anoman ora bisa kobong amarga sekti mandraguna lan malah mencolot sanduwuring kraton. Omah, bangunan liyane, lan wit-witan kang diencoki Anoman kabeh kobong. Kraton Ngalengka sing maune apik, asri saiki dadi segara geni. Prabu Dasamuka nesu lan mrentahake para prajurit supaya nyekel Anoman. Nanging Anoman kasil lolos lan wis bisa ketemu maneh atur palapuran marang Prabu Rama.