sugeng rawuh


widget

Minggu, 19 Januari 2014

Materi Pranatacara

PRANATACARA
Pranata adicara asring sinebat master of ceremony (MC), pambiwara, pranata adicara, pranata titilaksana, utawi pranata laksitaning adicara. Regeng, rancak, nges lan botenipun satunggaling adicara saperangan ageng dados tanggel jawabipun pranatacara . Pranata adicara menika salah satunggaling paraga ingkang nggadhahi jejibahan nglantaraken titilaksana ing satunggaling upacara adat temanten, kesripahan, resmi/formal, pepanggihan, pasamuan, pengaosan, utawi pentas lan sapanunggalanipun.
Sarat ingkang baku dados pranatacara utawi pamedharsabda wonten 3:
1. Olah swara
Olah swara utawi swanten ingkang sae dipunwastani gandhang. Gandhang tegesipun sera boten mbrebeki, lirih tansah angenaki.
2. Olah raga lan olah busana
Pangolahing raga magepokan kaliyan sikep, solah bawa, kasusilan lan subasita. Sinengkuyung busana ingkang pantes
3. Olah basa lan sastra
Supados saged ngolah basa lan sastra pranatacara/pamendharsabda kedah mangertos paramasastra. Kanthi pangertosan paramasastra pranatacara/pamedarsabda saged ndhapuk mocap, tembung, ukara, wacana kanthi laras lan leres. Laras tegesipun pranatacara saged ngrantam saha mbabar titi laksana trep kaliyan kawontenan saha swasana. Leres tegesipun prantacara saged ngginakaken basa ingkang trep kaliyan paramasastra.
SESORAH
Sesorah ing Basa Indonesia pidato tembung liyane sesorah medhar sabda. Medhar tegese ngandharake, sabda tegese omongan. Dadi sesorah yaiku medharake gagasan kanthi lisan ing sangarepe wong akeh.
Bab sing kudu digatekake wong sesorah :
A. BASA
Basa sing digunakake kudu laras karo patrap, kahanan lan sapa sing diadhepi. Basa krama digunakake menawa ngadhepi para sesepuh, resmi utawa khusus. Basa ngoko digunakake menawa ngadhepi bocah-bocah. Basa sing digunakake kudu runtut, patrap pamilihing tetembungan lan gampang ditampa. Uga bisa nggunakake basa kang endah manut susastra.
Urut-urutanipun sesorah :
1. Salam Pambuka
Isine ngucapake salam marang para tamu minangka tanda sapa aruh lan pakurmatan.
2. Pamuji
Isine mamuji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Asih supaya acara saged kalaksanan kanthi lancar.
3. Isi/wigatining atur
Isine ngaturake wosing gati acara/sesorah, upamane pambagya harja, sukuran lan sapanunggalane.
4. Pangarep-arep
Isine nyuwun donga pengestu dhumateng para rawuh, supaya apa kang digayuh saged kalaksanan. Upamane : dadi temanten saged rukun lan tentrem kulawargane nganti kaki nini.
5. Panutup
Isine nyuwun pangapunten menawa wonten kalepatan kekirangan anggone nampa para rawuh. Lan ngaturake panuwun marang para rawuh ingkang sampun kersa nglonggarake wektu rawuh ing acara kasebut. Dipungkasi kanthi nuwun utawi salam.
B. ISI
Isinipun kedah mentes, patrap karo kahanan wektu iku. Isi sing diandharake boten kadaluwarsa, narik kawigaten sing ngrungokke. Ing isine sesorah saged ugi nggunakake geguritan utawa tembang kangge selingan supaya sesorah bisa luwih apik.
C. Solah Bawa
Solah bawa ingkang patrap lumrahe astane ngapurancang. Menawa sesorahe nggunakake mimbar, astane tetep wonten sadhuwuring mimbar. Kejaba iku solah bawa kudu dipatrapke karo busana. Busana aja katon nyleneh, aja nganti warnane nyenther (nyolok mripat), lan busana saged dipatrapake kaliyan swasana.
Wonten malih ingkang kedah digatekake nalika sesorah : 4 W :
1. Wicara
Wicara nalika sesorah kedah cetha, tegese ora bindheng. Upamane kudu cetha bedane a, o, t, th, e, e, d, dh.
2. Wiraga
Wiraga sesorah kedahipun patrap kaliyan swasana badan kudu teteg, jejeg, mantep, astane ngapurancang. Praen ulat sumeh, grapyak, ora besengut.
3. Wirama
Nalika sesorah wiramane ingkang patrap, boten keseron, boten bengok-bengok, lan aja kelirihen.
4. Wirasa
Nalika sesorah wirasa dipatrapake karo swasana, upamane layatan boten sami kaliyan syukuran. Aja nganthi gojegan.
TULADHA PRANATA ADICARA
ING LINGKUNGAN MASYARAKAT
ADICARA PENGETAN MAULUD NABI
Assalamu’alaikum Wr.WB.
Bapak Lurah Desa … ingkang satuhu kinabekten.
Wonten ngarsanipun Ustadz … ingkang dahat kinormatan.
Warga masyarakat Desa … ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kita ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun paring karaharjan saha kamulyan dhumateng kita sedaya saengga wonten ing wekdal menika kita saged makempal wonten ing Bale Desa ….. menika saperlu ngawontenaken Pengetan Maulud Nabi ing taun menika, kanthi nir rubeda kalis ing sambekala.
Namung saderengipun adicara kawiwitan, langkung rumiyin kula minangka pranata adicara badhe ngaturaken menggah urut-urutanipun adicara pengetan Maulud Nabi ing wekdal menika.
Adicara ingkang sapisan pambuka
Adicara ingkang kaping kalih atur palapuran saking Ketua Panitia
Adicara ingkang kaping tiga atur pangandikan saking Bapak Lurah
Adicara ingkang kaping sekawan Pengaosan ingkang samangkeh badhe kawedharaken dening panjenenganipun Ustadz ….. saking ….
Adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup.
Makaten menggah tata rakiting adicara Pengetan Maulud Nabi ing wekdal menika.
Kaum …. ingkang kinormatan, sumangga adicara ing wekdal menika enggal kawiwitan.
Adicara ingkang kapisan inggih menika pambuka. Sumangga adicara Pengetan Maulud Nabi ing wekdal menika kita bikak kanthi waosan Basmallah sesarengan. ….. Mugi-mugi kanthi waosan Basmallah kalawau Gusti Allah paring rohmat dhumateng kita sedaya saengga wiwit purwa madya lan wusananipun saged lumampah kanthi sae boten wonten alangan satunggal menapa.
Acara salajengipun atur palapuran saking ketua Panitia. Wonten ngarsanipun Bp. …. kula sumanggakaken.
………………….. Makaten atur palapuran saking ketua panitia.
Kita ngancik adicara ingkang kaping tiga inggih menika atur pangandikan saking Bapak Kepala Desa. Wonten ngarsanipun Bapak ……… kula sumanggakaken .
………………………………………………………………………………..
Adicara salajengipun waosan Ayat Suci Al Qur’an. Dhumateng sedherek/adhik/Bpk ………….. kasumanggakaken
Para ….. ingkang kinormatan salajengipun kita ngancik adicara ingkang kaping gangsal inggih menika Pengaosan ingkang badhe kaandharaken dening panjenenganipun Ustadz ……… kasuwun wonten ing pungkasaning pengaosan ing samangke Ustadz …. dipuntutup kanthi donga keslametan. Wonten ngarsanipun Ustadz …… kasumanggakaken.
Makaten pengaosan ingkang dipunandharaken dening panjenenganipun Ustadz …. Mugi-mugi pikantuk ganjaran saking Gusti Allah. Amin
Para ……
Kita ngancik acara ingkang pungkasan inggih menika panutup. Namung saderengipun adicara ing wekdal menika katutup, kula ingkang kajibah nglumantaraken tata rakiting adicara ing wekdal menika mbok menawi wonten atur saha patrap ingkang boten nuju prana kula nyuwun agunging samudra pangaksama.
Sumangga adicara Pengetan Maulud Nabi ing wekdal menika kita tutup kanthi waosan Hamdallah seserangan. Alhamdulillah …
Wassalamu’alaikum Wr.WB.
TULADHA PRANATA ADICARA
ING LINGKUNGAN SEKOLAH
ADICARA PENGETAN MAULUD NABI
Assalamu’alaikum Wr.WB.
Bapak Kepala Sekolah … ingkang satuhu kinabekten.
Wonten ngarsanipun Ustadz … ingkang dahat kinormatan.
Ibu Bapak Guru saha Karyawan TU ingkang kula ormati.
Para siswa Kelas VII, VIII, IX ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kita ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun paring karaharjan saha kamulyan dhumateng kita sedaya saengga wonten ing wekdal menika kita sedaya saged makempal wonten ing papan menika saperlu ngawontenaken Pengetan Maulud Nabi, kanthi nir rubeda kalis ing sambekala.
Namung saderengipun adicara kawiwitan, langkung rumiyin kula ingkang kajibah nglumantaraken tata rakiting adicara ing wekdal menika, saderengipun adicara kawiwitan langkung rumiyin kula ngaturaken menggah urut-urutanipun adicara pengetan Maulud Nabi ing wekdal menika.
Adicara ingkang sapisan pambuka
Adicara ingkang kaping kalih atur palapuran saking Ketua Panitia
Adicara ingkang kaping tiga atur pangandikan saking Bapak Kepala Sekolah
Adicara ingkang kaping sekawan Pengaosan ingkang samangkeh badhe kawedharaken dening panjenenganipun Ustadz ….. saking ….
Adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup.
Makaten menggah tata rakiting adicara Pengetan Maulud Nabi ing wekdal menika.
Para … ingkang kinormatan, sumangga adicara ing wekdal menika enggal kawiwitan.
Adicara ingkang kapisan inggih menika pambuka. Sumangga adicara Pengetan Maulud Nabi ing wekdal menika kita bikak kanthi waosan Basmallah sesarengan. ….. Mugi-mugi kanthi waosan Basmallah kala wau Gusti Allah paring rohmat dhumateng kita sedaya saengga wiwit purwa madya lan wusananipun saged lumampah kanthi sae boten wonten alangan satunggal menapa.
Acara salajengipun atur palapuran saking ketua Panitia. Wonten ngarsanipun Bp. …. kula sumanggakaken.
………………….. Makaten atur palapuran saking ketua panitia.
Kita ngancik adicara ingkang kaping tiga inggih menika atur pangandikan saking Bapak Kepala Sekolah. Wonten ngarsanipun Bapak ……… kula sumanggakaken .
………………………………………………………………………………..
Adicara salajengipun waosan Ayat Suci Al Qur’an. Dhumateng sedherek ………….. Kasumanggakaken
Para ….. ingkang kinormatan salajengipun kita ngancik adicara ingkang kaping gangsal inggih menika Pengaosan ingkang badhe kaandharaken dening panjenenganipun Ustadz KH ……… kasuwun wonten ing pungkasaning pengaosan ing samangke Ustadz …. dipuntutup kanthi donga keslametan. Wonten ngarsanipun Ustadz KH …… kasumanggakaken.
Makaten pengaosan ingkang dipunandharaken dening panjenenganipun Ustadz …. Mugi-mugi pikantuk ganjaran saking Gusti Allah. Amin
Para ……
Kita ngancik acara ingkang pungkasan inggih menika panutup. Namung saderengipun adicara ing wekdal menika katutup, kula ingkang kajibah nglumantaraken tata rakiting adicara ing wekdal menika mbok menawi wonten atur saha patrap ingkang boten nuju prana kula nyuwun agunging samudra pangaksama.
Sumangga adicara Pengetan Maulud Nabi ing wekdal menika kita tutup kanthi waosan Hamdallah seserangan. Alhamdulillah …
Wassalamu’alaikum Wr.WB.
Teks Wicara Pranatacara Rapat OSIS
Nuwun,
Kanthi kinurmatan Ketua OSIS sarta kabeh para kanca pengurus OSIS sing sutresna.
Minangka pranatacara aku njaluk lilah ngandharake acara rapat ing rapat OSIS iki. Nanging sadurunge ayo padha ngaturake puji syukur mring Gusti kang Maha Welas lan Asih kang wis paring kanugrahan marang kita kabeh.
Mungguh acara sing bakal dirembug karantam kaya mangkene :
Sepisan, pambuka
Kaping pindho, tanggap wacana ketua OSIS
Dene acara kang kaping telu, ndhapuk panitya inti study tour,
Kaping papat, usul-usul saka para kanca.
Sing pungkasan, panutup.
Mangkono mau para kanca, rantamaning acara rapat ing dina iki.
Mangga enggal diwiwiti supaya enggal bisa rampung.
Ngancik acara sepisan, pambuka mangga diwiwiti kanthi kanthi ndedonga manut agamane dhewe-dhewe supaya rapat bisa lancar lan kasil karo ancas tujuanane. Ndedong kawiwitan.
————————-ndonga —————————-
Matur nuwun, ……………… (cukup)
Acara kapindho, tanggap wacana dening ketua OSIS. Katur Mbak Aji Sukmawati,
sumangga.
————————tanggap wacana ——————–
Mangkono mau tanggap wacana saka ketua OSIS , muga-muga kita bisa nindakake. Amin.
Sabanjure kita bakal ndhapuk panitya inti study tour . Kanggo ndhapok panitya inti,Wektu sacukupe dakaturake Mas Bayu Putra minangka wakil ketua OSIS. Sumangga.
————————ndhapuk panitya inti ———————–
Para pengurus OSIS sing sutresna. Panitiya inti wis kadhapuk kanthi rancag. Aku ndherek mangayubagya, muga-muga bisa nindakake tugase kanthi becik, satemah study tour bisa kaleksanan kanthi sukses.
Acara sabanjure usul, panemu, pamrayoga lan liya-liyane. Sinambi nampa usulan , para kanca kang wis nampa nyamikan lan unjukan mangga didhahar lan diunjuk kanthi mardika. Sumangga kanca-kanca sing padha usul, bakal dicathet dening sekretaris inti. Rembugan usul dipimpin dening ketua inti anyar sing lagi wae kadhapuk, sumangga.
———————–usul-usul ————————–
Kanthi muji syukur rapat bisa rampung lan ndhapuk panitya inti study tour. Sabanjure panitya inti duwe tugas matur marang Pak Andri Sulistya minangka pembimbing OSIS, kepriye mungguh kiprah sanjure. Tumrap panitya inti, aku minangka wakile para kanca lan siswa ngaturake sugeng makarya.
Para kanca kanthi pamuji syukur marang Gusti kanthgi ati seneng lan bombong acara rapat wis kaleksanan. Aku minangka pranatacara yen ana atur kang ora nyenengake utawa ora runtut ukara kang dakaturake aku nyuwun pangapura. Sadurunge katutup mangga panitya inti maju ngadeg jajar saperlu nampa jawat asta pinangka tanda pangayubagya saka para kanca. Sumangga acara ditutp kanthi pamuji syukur manut tatacara agamane dhewe-dhewe. Sumangga.
—————————donga panutup ———————-
Matur nuwun.
Cengkorangan (krangka) wicara pranatacara
1. Salam pamuka
2. Sapa aruh marang tamu sing rawuh
3. Ngajak muji syukur mring Gusti
4. Maca rantamaning acara
5. Nglantarake acara/adicara mbaka sawiji kanthi wijang
6. Mungkasi acara/adicara, kanthi njaluk pangapura yen ana lupute nalika ngayahi dadi pranatacara
7. Salam panutup
Tembung-tembung wigati ing teks wicara pranatacara:
pranatacara = wong kang nglumatarake sawijining adicara
rantaman = rancangan
sih sutresna = kang di tresnani
njaluk lilah = njaluk idin/ijin
kita = awake dhewe
tanggap wacana = sesorah/pidato
karantam = dirantam/dirancang
rancag = lancar
ndhapuk = gawe
kiprah = kridhane ing sajroning acara
bombong = mongkog/marem
ngadeg jajar = ngadeg jejer
jawat asta = salaman



Tidak ada komentar:

Posting Komentar