ANOMAN DUTA
Dewi Shinta wis kalakon diboyong
dening Rahwana ya Dasamuka kang lunyu ilate menyang Kraton Ngalengkadiraja.
Dewi Shinta dipapanake ing Taman Keputren. Sang Dewi ora gelem mangan lan ora
gelem ngombe, mulane badane kuru aking. Rambute kang dawa katon kaya gimbal
amarga suwe ora adus. Kabeh iku katindakake supaya Rahwana ora kayungyung maneh
marang Sang Dewi. Lunga menyang ngendi wae, Dewi Shinta tansah nyangking
cundrik utawa keris cilik kanggo njaga kaslametane. Sawektu-wektu Rahwana
diraja nggadho ati lan teka arep ngrudhapeksa, Shinta bakal mati suduk salira
utawa bunuh dhiri.
Ing Taman mau, Dewi Trijatha kang
bisa ngarih-arih lan nglelipur Shinta supaya gelem mangan. Dewi Trijatha kuwi
putra atmajane Gunawan Wibisana. Gunawan Wibisana iku adhine Dasamuka. Dadi
Dewi Trijatha isih ponakane Rahwana. Dewi Trijatha arupa ayu lan alur bebudeni,
ora kaya buta Ngalengka. Upama ora ana Trijatha, Dewi Shinta wis mati suduk
salira.
Dewi Trijatha kasil ngarih-arih Dewi
Shinta supaya ora suduk salira. Dewi Shinta nalangsa banget uripe ing tangane
mungsuh. Kanthi anane Trijatha, Shinta dadi jembar segarane.
Kacarita, Sri Ramawijaya, yaiku
garwane Dewi Shinta kasil dadi ratu lan angratoni bangsane kethek wanara, ya
saka kraton kethek Guwa Kiskendha andhahane lan wadya balane sugriwa. Salah
sijine dina, Ramawijaya seperlu golek sisik melik/mata-mata ngenani kaanane
Dewi Shinta. Kang diutus utawa dadi dhuta yaiku Kehtek Putih kang aran Anoman.
Anoman wis dadi dhuta utusane
Ramawijaya, mula banjur njunjug menyang Taman Keputren. Ing kono Anoman bisa
nemoni Dewi Shinta lan Dewi Trijatha, malah bisa ngaturake ali-aline Sri Rama
menyang Dewi Shinta. Sawise oleh sisik melik lan kaanan liyane, anoman ya
Kethek Putih banjur bali. Nanging nalika arep pamit bali, konangan para
prajurit Alengkadiraja, lan dirangket nuli disowanake marang Prabu Rahwana.
Dening Rahwana, anoman kapatrapan paukuman yaiku bakal diobong ing alun-alun
Ngalengka. Ngadhepi kaanan kang kaya mangkono, Rewandaseta utawi Kapiseta tatag
tanggon tanpa miris, tanpa gigrig manahe. Ing batine, kabeh prakara kang bener,
bakal pener lan prakara kang luput utawa salah mesthi bakal seleh. Iki minangka
watak kasatriya kang patut ditiru. Ora gigrig lan wedi paukuman, nanging
paukuman kang wedi marang bebener.
Kacarita, Kethek Putih ya Anoman
nglakoni paukuman. Nanging senajan diobong, Anoman ora bisa kobong amarga sekti
mandraguna lan malah mencolot sanduwuring kraton. Omah, bangunan liyane, lan
wit-witan kang diencoki Anoman kabeh kobong. Kraton Ngalengka sing maune apik,
asri saiki dadi segara geni. Prabu Dasamuka nesu lan mrentahake para prajurit
supaya nyekel Anoman. Nanging Anoman kasil lolos lan wis bisa ketemu maneh atur
palapuran marang Prabu Rama.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar