sugeng rawuh


widget

Minggu, 08 Januari 2017

Serat Wulangreh Pupuh Durma



SERAT WULANGREH PUPUH DURMA

Serat Wulangreh misuwur ana ing bebrayan wong Jawa. Serat wulangreh anggitane Sri Pakubuwono IV iki nggunakake basa kang gampang ditampa. Gampang dijukut /dijupuk piwulange. Serat Wulangreh nduweni 13 pupuh ing antarane yaiku dhandanggula, kinanthi, gambuh, pangkur, maskumambang, dudukwuluh, durma, wirangrong, pocung, mijil, asmaradana, sinom, lan girisa.
Kang dirembag ing piwulangan iki yaiku pupuh Durma. Pupuh Durma dumadi saka 12 pada/bait. Isine pupuh Durma yaiku carane ngendhaleni hawa nepsu, yaiku dadi wong aja gumedhe/angkuh, aja seneng nyacad utawa maido, lan nyalah-nyalahke/ngritik marang wong liya. Isine tembang iki arupa piwulang kan jumbuh karo nilai-nilai karakter bangsa. Panulise pupuh Durma arupa tembang. Saben pada tembang, isi piwulang luhur kang migunani kanggo para siswa, guru, lan sing gelem maca.
Pada 1
Dipunsami ambanting ing badanira,
Nyudha dhahar lan guling,
Darapon sudaa,
Nepsu kang ngambra-ambra,
Rerema ing tyasireki,
Dadya sabarang,
Karyanira lestari.
Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Latihen lan biasakna awakmu urip lan laku prihatin kanthi cara ngurangi mangan lan turu. Kabeh iku minangka srana kanggo ngurangi hawa nepsumu, yen prelu karo tafakur lan ngeningke cipta nyedhak marang sing gawe urip. Kabeh iku bisa ndadekake Kabul/kaleksanan panjangkamu/cita-cita.
Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Biasakanlah melatih dirimu untuk prihatin dengan mengurangi makan dan tidur agar berkurang nafsu yang mengelora, heningkan hatimu hingga tercapai yang kau inginkan.
Pada 2
Ing pangrawuh, lair batin aja mamang,
Yen sira wus udani,
Mring sariranira,
Lamun ana kang murba,
Masesa ing alam kabil
Dadi sabarang,
Pakaryanira ugi.
Terjemahan bebas mawa basa jawa
Aja ragu utawa rangu-rangu marang pengetahuan lair lan batin amarga yen sliramu bisa mangerteni, kabeh bisa kasil. Percaya yen ing donya iki ana kang kuwasa lan nitahake urip yaiku kang Murbeng Dumadi/Gusti.
Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Janganlah ragu terhadap pengetahuan lahir batin. Jika kau memahami bahwa dalam kehidupan ini ada yang berkuasa, mudah-mudahan keinginan terkabul.
Pada 3
Bener luput ala becik lawan beja,
Cilaka mapan saking,
Ing badan priyangga,
Dudu saking wong liya,
Mulane den ngati-ngati,
Sakeh durgama,
Singgahana den eling.
Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Ala, becik, bener, luput iku saka awakmu dhewe, dudu saka wong liya, mulane urip iki kudu ngati-ngati saka sakabehing pitnah, godha marang sliramu. Kabeh kudu kosingkiri kanthi eling lan waspada.
Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Benar salah, baik buruk, serta untung rugi, bukanlah berasal dari dirimu sendiri , bukan dari orang lain. Oleh karena itu, hati-hatilah terhadap segala ancaman, hindari dan ingat.
Pada 4
Apan ana sesiku telung prakara,
Nanging gedhe pribadi,
Puniki lilira,
Yoking telung prakara,
Poma ywa nggunggung sireki,
Sarta lan aja,
Nacad kepati pati.
Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Ana telung prakara kang kudu kokngerteni, yaiku aja gumedhe (angkuh), aja ngece, lan maido marang liyan. Iku wigati kongerteni sajroning urip.
Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Bukankah ada tiga perkara utana yang akan membesarkanmu ? ketiga perkara tersebut adalah jangan menyombongkan diri, jangan mengejek, dan jangan mencela.
Pada 5
Lawan aja maoni sabarabg karya,
Sethithik memaoni,
Samubarang polah,
Tan kena wong kumlebat,
Ing mangsa mengko puniki,
Apan wus lumrah,
Uga padha maoni.
Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Aja nyacad/ngritik lan nyalah-nyalahke pagaweyane wong liya. Kabeh tumindake wong liya tansah dicacati, sarwa ora kebeneran, kabeh dianggep luput. Iku kabeh kagawa ing jaman keterbukaan, kabeh wong oleh ngomong, oleh maido.
Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Jangan mengkritik hasil orang lain, sedikit-sedikit mengkritik, segala tingkah orang lain dikritik. Memang jaman sekarang sudah lumrah orang mengkritik.
Pada 6
Mung tindake dhewe datan winaonan,
Ngrasa bener pribadi,
Sanadyan benera,
Yen tindake wong liya,
Pasti den arani sisip,
Iku wong ala,
Ngganggo bener pribadi.
Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Panggawene dhewe  kang ora dipaido/dicacat, amarga dheweke rumangsa sing bener dhewe, pinter dhewe. Tumindak lan panggawene wong liya senajan bener, diarani luput (salah). Pangira lan pandakwa kang kaya mangkono iku luput amarga kang dadi ukuran bener lan lupute, mung awake dhewe.
Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Hanya hasil karya sendiri yang tidak dikritik karena merasa paling benar. Meskipun benar, perbuatan orang lain pasti dikatakan salah. Hal itu salah karena kebenaran menggunakan (ukuran) diri sendiri.
Pada 7
Nora nana panggawe kang luwih gampang,
Kaya wong memaoni,
Eling-eling sira,
Aja sugih waonan,
Den sami salajening budi,
Ingkang prayoga,
Sapa-sapa kang lali.
Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Ora ana panggawe kang entheng kajaba mung maido wong liya amarga maido iku gampang diucapke, nanging kudu kongerteni , aja kerep maido/nyacat liya, luwih becik tansah duweni pikiran kang becik.
Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Tidak ada perbuatan yang lebih mudah daripada mengkritik. Kau ingatlah, jangan terlalu sering mengkritik, selalulah berpikir baik.
Pada 8
Ingkang eling iku padha angilangna,
marang sanak kanca kang lali,
den nedya raharja,
mangkono tindakira,
yen tan nggugu liya uwis,
teka menenga,
mung aja sok ngrasani.
Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Saka sing eling mula elingana. Muga-muga seneng. Kaya ngono kudune, menawa ora nurut mula menenga, lan aja ngrasani
Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Dari yang ingat, maka ingatkan. Kepada sanak dan kerabat semoga bahagia. Begitu seharusnya tindakanmu, namun jika tidak diturut, maka diamlah, namun jangan membicarakan
Pada 9
Nemu dosa gawanen sakpadha-padha,
dene wong ngalem ugi,
yen durung pratela,
ing temen becikira,
aja age nggunggung kaki,
meneh tan nyata,
dadi cirinireki.
Terjemahan bebas mawa basa Jawa :
Awakmu nduwe dosa marang wong liya. Semana uga menawa durung kabukti benere, aja muji sek, anakku. Amarga menawa ora kabukti bakal diece.
Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Kau akan berdosa pada sesama. Begitupun jika kau memuji yang belum kaubuktikan kebenarannya, jangan terburu-buru memuji, Anakku. Karena  jika tidak terbukti malah akan menjadi celaan.
Pada 10
Dene kang wus kaprah ing masa samangkya,
yen ana den senengi,
ing pangalemira,
pan kongsi pandirangan,
matane kongsi malirik,
nadyan alaa,
ginunggung becik ugi.
Terjemahan bebas mawa basa Jawa :
Ana uga kang kedaden ing jaman saiki yaiku ana wong kang disenengi mula dipuji banget nganti pendirangan mripate, senajan elek tetep diarani apik.
Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Adapun yang sering terjadi pada zaman sekarang adalah jika ada orang yang disenanginya maka dipuji setinggi langit sampai matanya melotot, meskipun jelek tetapi tetap dikatakan baik
Pada 11
Aja ngalem aja mada lamun bisa,
yen uga masa mangkin iya ing sabarang,
yen nora sinenengan,
den poyok kapati pati,
nora prasaja,
sabarang kang den pikir.
Terjemahan bebas mawa basa Jawa :
Menawa bisa, aja muji lan ngece. Nanging saiki, menawa ora disenengi arep diece banget, lan akeh kang dipikirake.
Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Kalau bisa, jangan memuji atau mencela. Namun kini, jika tidak disenangi maka akan dicela habis-habisan, yang dipikirkan pun bermacam-macam
Pada 12
Ngandhut rukun becike ngarep kewala,
Ing wuri angarsani,
Ingkang ora-ora,
kabeh kang rinasanan,
ala becik den rasani,
tan parah-parah,
wirangronge gumanti.
Terjemahan bebas mawa basa jawa :
aja lamis, ngalembana yen ana wonge, nanging dicacat entek-entek yen ora ana wonge, malah kabeh wadine/kaelekane dicacat lan dibukak kabeh. Mangkono iku ora bener. Banjur nyandhak tembang sabanjure yaiku tembang wirangrong.
Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Pada awalnya, berpura-pura baik, tetapi dibelakang dibicarakan yang bukan-bukan, pembicaraanpun berganti (wirangrong merupakan isyarat pergantian pola tembang berikutnya, yaitu wirangrong)

31 komentar:

  1. Makasih udah membantu aku, bagus banget makasih yaa

    BalasHapus
  2. Kak cara analisi geguritan padha 7 sampai 12 gmna ya kak

    BalasHapus
  3. Kepriye watake tembang kasebut(pada 12)?🙏🏾

    BalasHapus
  4. Maturnuwun,sangat membantu

    BalasHapus
  5. Uta desu uta desu ndasnya uta desu

    BalasHapus
  6. bahasa jawa mengasikan😱🤘

    BalasHapus
  7. Kerennnn makasih ya

    BalasHapus
  8. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus