Minggu, 08 Januari 2017

GEGURITAN LAN ANALISIS STRUKTUR-STRUKTURE



GEGURITAN LAN ANALISIS STRUKTURE

Geguritan iku iketaning basa kang awujud syair. Mula ana kang ngarani syair Jawa. Tembung geguritan asale saka tembung Gurita, tembung Gurita owah-owahan saka tembung Gerita. Tembung Gerita linggane Gita, tegese tembang utawa syair. Geguritan Jawa sakawit tinemu ing lagu-lagu dolanan, saiki mujudake wohing kasusastran puisi kang maneka warna wujuding dhapukane ( Subalidinata, 1994: 45 )..
Kapirid saka wujud lan isine, geguritan iku bisa kaperang dadi loro, yaiku geguritan gagrag lawas utawa geguritan tradhisional lan geguritan gagrag anyar utawa geguritan  modheren.
Geguritan gagrag lawas ( geguritan tradhisional )
Geguritan gagrag lawas yaiku geguritan kang panulise kaiket dening aturan-aturan kaya dene cacahe wanda saben sagatra meh padha, cacahe larik saben sapada padha utawa meh padha, persajakan/rima utawa tibaning swara ing pungkasaning larik padha utawa meh padha, lan diwiwiti kanthi tembung sun geguritan utawa sun anggurit. Paugerane geguritan lawas  :
          Cacahing batra/larik/baris saben sapada ora ajeg, nanging sathithike ana patang gatra.
          Cacahing wanda/suku kata saben gatrane ajeg, adat saben ana wolung wanda.
          Dhong-dhinge swara ing saben pungkasaning gatra nganggo purwakanthi guru swara (kaya syair ing kasusastran Indonesia).
          Lumrahe dipurwakani/diwiwiti nganggo tembung Sun Gegurit utawa Sun Anggurit.
          Geguritan gagrag lawas lumrahe isine piwulang: upamane bab tatakrama.

Geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren
Geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren iku wujude wis beda karo geguritan gagrag lawas. Geguritan gagrag anyar katon luwih mardika, wis ora kaiket paugeran kaya paugerane geguritan gagras lawas. Jalaran geguritan iki wujude memper karo puisi bebas ing kasusastran Indonesia, mula geguritan gagrag anyar ana kang ngarani puisi bebas.
Ananging owah-owahan saka geguritan gagrag lawas tumekaning gagrag anyar iku dumadi kanthi proses. Pangripta kang miwiti nulis geguritan gagrag anyar iku R. Intoyo kanthi irah-irahan Dayaning Sastra. Mula yen dititi kanthi premati geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren nduweni titikan/ ciri :
          Basane kalebu basa endah, tegese dudu basa padinan.
          Tetembungane pilihan, tegese ora mung waton nggunakake tembung.
          Sajak pungkasan mardika/bebas.
Geguritan ing jaman saiki kang ditengenake yaiku tembung kang mentes lan endah. Kaendahane geguritan gumantung marang: (1) pilihan tembung (diksi); (2) lelewaning basa (majas); (3) digunakake ing saben dina. Geguritan migunakake basa kang ringkes nanging sugih teges. Tembung kang digunakake yaiku tembung kias (entar) kang akeh penafsirane. Bab kang kasebut mau diarani struktur geguritan kang kaperang dadi loro, yaiku :

1) Struktur Fisik
a)         Pamilihe tembung (diksi). Pamilihing tembung uga diarani diksi. Tembung-tembung kang ana sajroning geguritan biasane nduweni teges konotatif, asipat polisemi, lan nduweni teges rowa (abstrak). Pamilihing tembung kang trep bisa ngasilake imajinasi kang manjila.
b)        Lelewaning basa (Majas) yaiku tembung kang digunakake penyair kanggo nyaritakake sawijing bab kanthi cara mbandhingake karo barang utawa tembung liyane.
c)         Purwakanthi (Rima/ritma) yaiku mbaleni swara (vocal), mbaleni tembung, kelompok tembung (frasa) utawa mbaleni ukara. Rima utawa sajak utawa persamaan bunyi kanggo nyiptakake kaendahan lan kekuatan sawijining geguritan.
d)        Tipografi yaiku larik-larik utawa gatraning geguritan kang tinulis mawa pada utawa bait. Bab kuwi kang mbedakake antaraning geguritan lan gancaran.
2) Struktur Batin.
Struktur batin ing geguritan kaperang dadi papat, yaiku :
a)         Bakuning gagasan/ tema (sense); tegese punjeraning bab kang ndadekake geguritan kuwi dumadi. Utawa gagasan pokok kang dikarepake panulis/penyair. Tuladha tema: sosial, moral, politik, agama, individu, lan sapiturute.
b)        Pangrasane penyair/; yaiku Tembung-tembung kang dianggo ana sajroning geguritan nduweni teges lan nduweni fungsi kanggo manjilmakake rasa-pangrasa. Rasa-pangrasa kuwi nduwe sipat rowa lan kompleks. Sing kalebu rasa-pangrasa kayadene: simpati, empati, antipati sedhih, susah, seneng, kangen, gumun, lan sapiturute.
c)         Nada utawa sikap penyair marang “pembaca”; Tegese patrap (sikap) sing digunakake ana sajroning geguritan. Tuladha: ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, nyemoni, utawa patrap liyane.
d)        Amanat/ pesen; tegese bab kang pengen diwedharake penyair/panulis marang pamaos. Amanat kuwi ora tinulis kanthi terang trawaca ananging sinandhi ana pangrakiting tembung-tembung.
e)         Suasana; tegese kahanane batin/jiwa pamaos sawise maca geguritan. Dadi, geguritan nduweni tujuan kanggo mbangun suasana batin pamaos geguritan.
Contoh Geguritan lan Analisise

Ature Simbah

Carang-carang kanga king
Amarga tanpa tumuruning tirta amerta
Nalika tiba ing titi wanci ketiga ngerak iki
Jun-jun kang sumendhe wis asat kawit wingi-wingi
Sambat tangis anggegirisi sumebar
Ing salumahe bawana
Jebul bener ature simbah wingi
Aja kok ganti rambute bumi kanthi wesi kang njangkar bumi
Banjur saiki coba delengen
Ijo royone gunung kidul omah kae
Kaganti dening jangkar-jangkar
Kang ndadekake bumi mranggas kaya dina iki

Analisis

a. Struktur Fisik
          Tipografi
Geguritan ‘ature simbah’ disajikan dengan bentuk tipografi rata kiri, tidak ada bentuk perbait. Baris pertama sampai akhir disusun secara teratur tanpa jarak satu spasi. Di sini pengarang member aksen-aksen pada baris-baris tertentu, yaitu dengan membuat baris tersebut lebih panjang dari baris lainnya. Bari situ terletak pada baris ke 4, 8, dan 12. Terlihat sistematis sekali pengarang dalam menyusun tiap baris.
          Diksi
Diksi adalah pemilihan kata yang digunakan pengarang dalam geguritan. Dalam geguritan ‘ature simbah’ tidak terlalu banyak diksi yang digunakan. Pada geguritan ini makna dari setiap kata sudah jelas. Hanya ada beberapa diksi yang digunakan yaitu :
    Aking : kata ’aking’ ini menggantikan kata ‘garing’ yang berarti kering.
    Tirta : merupakan nama lain (dasanama) dari air
    Ketiga ngerak : maksudnya musim kemarau yang sangat panjang
    Bawana : merupakan nama lain (dasanama) dari bumi atau tanah
    Jangkar-jangkar : maksudnya ranting-ranting pohon yang sudah kering
          Imaji yaitu kata atau susunan kata-kata yang dapat mengungkapkan pengalaman indrawi, seperti penglihatan, pendengaran, dan perasaan. Imaji dapat dibagi menjadi tiga, yaitu imaji suara (auditif), imaji penglihatan (visual), dan imaji raba atau sentuh (imaji taktil). Imaji dapat mengakibatkan pembaca seakan-akan melihat, medengar, dan merasakan seperti apa yang dialami penyair.
Dalam geguritan ini penyair menggunakan imaji suara, hal ini ditunjukkan pada kalimat “ sambat tangis anggegirisi sumebar”
          Kata konkret
Kata konkret yaitu kata yang dapat ditangkap dengan indera yang memungkinkan munculnya imaji. Kata-kata ini berhubungan dengan kiasan atau lambang. Kata-kata seperti aking, ketiga, asat menjelaskan bahwa pada puisi itu dibuatsedang mengalami musim kemarau yang sangat panjang.
          Gaya bahasa
Gaya bahasa yaitu penggunaan bahasa yang dapat menghidupkan/meningkatkan efek dan menimbulkan konotasi tertentu. Gaya bahasa disebut juga majas. Ada beberapa majas dalam geguritan ‘ ature simbah’, yaitu :
Majas personifikasi pada :
– tumuruning tirta amerta
– Jun-jun kang sumendhe
– Salumahe bawana
Majas metafora pada :
– aja kok ganti rambute bumi kanthi wesi kang njangkar bumi
– Pencitraan berhubungan dengan alat indera manusia

Dalam puisi ini terdapat pencitraan pendengaran yaitu pada kalimat ‘ sambat tangis anggegirisi sumebar’. Selain itu juga ada pencitraan penglihatan pada kalimat “ carang-carang kang king”,”ijo royone gunung kidul omah kae”.
b.  Struktur Batin
          Tema         : geguritan ‘ature simbah’ memiliki tema sosial, yang mengungkapkan tentang pesan dan nasihat dari simbah (nenek) mengenai musim kemarau panjang yang tengah melanda desa.
          Rasa          : rasa yang diungkapkan oleh penyair adalah rasa prihatin terhadap kekeringan yang terjadi dimana-mana akibat musim kemarau yang terlalu panjang. Banyak terjadi kekeringan dimana-mana.
          Nada         : geguritan ini disampaikan dengan nada mengajak untuk bekerja sama dengan pembaca untuk memecahkan masalah kekeringan.

          Amanat     : melalui geguritan ini penyair ingin menyampaikan bahwa semua perkataan orang tua itu baik, dan tentunya apa yang dikatakan orang tua itulah yang paling benar. Meskipun kebenarannya tidak secara langsung terbukti, tapi suatu saat pasti kita menyadari kebenaran tersebut. Dalam geguritan ‘ature simbah’ pengarang baru menyadari kebenaran kata-kata neneknya ketika suatu kejadian sudah dirasakan efeknya. Seperti kejadian kekeringan akibat musim kemarau. Karena perusakan bumi yang dilakukan manusia secara terus-menerus menyebabkan pergantian musim tak terkendali. Mungkin pada jaman dulu penyair pernah dinasihati/ diingatkan oleh neneknya agar menjaga keseimbanagn bumi ini. Dan kini efek itu tengah dirasakan penyair.

Contoh Liyane.
Kanggo Kanca

Biyen, tanganmu genggem tanganku
Biyen, pundakmu enek kanggo aku nangis
Biyen, guyumu nentremke atiku
Nanging saiki....
Tangan, pundak, guyumu ilang saka uripku
Kanca-kancaku kabeh,bayangna
Apa sajatining kahanan sajroning dunya
Yen ora ana welas lan asih
Ora ana uga kekancanan tanpa pamrih
Ing sakjroning manah atiku
Aku ngrasakna kepengin ngamuk wektu iku
Kanca lan kancaku
Elinga rasa ati
ku iki
Jaganen rasaning welas asih iki


Tema     :        Geguritan iku nganut tema kekancanan kang rusak amarga ora ana welas asih
Amanat :         Kita urip nang dunya iki kudu ana rasa welas asih marang kanca lan sedulur, kita kudu terus ana wektu kanca butuhne kita

Serat Wulangreh Pupuh Durma



SERAT WULANGREH PUPUH DURMA

Serat Wulangreh misuwur ana ing bebrayan wong Jawa. Serat wulangreh anggitane Sri Pakubuwono IV iki nggunakake basa kang gampang ditampa. Gampang dijukut /dijupuk piwulange. Serat Wulangreh nduweni 13 pupuh ing antarane yaiku dhandanggula, kinanthi, gambuh, pangkur, maskumambang, dudukwuluh, durma, wirangrong, pocung, mijil, asmaradana, sinom, lan girisa.
Kang dirembag ing piwulangan iki yaiku pupuh Durma. Pupuh Durma dumadi saka 12 pada/bait. Isine pupuh Durma yaiku carane ngendhaleni hawa nepsu, yaiku dadi wong aja gumedhe/angkuh, aja seneng nyacad utawa maido, lan nyalah-nyalahke/ngritik marang wong liya. Isine tembang iki arupa piwulang kan jumbuh karo nilai-nilai karakter bangsa. Panulise pupuh Durma arupa tembang. Saben pada tembang, isi piwulang luhur kang migunani kanggo para siswa, guru, lan sing gelem maca.
Pada 1
Dipunsami ambanting ing badanira,
Nyudha dhahar lan guling,
Darapon sudaa,
Nepsu kang ngambra-ambra,
Rerema ing tyasireki,
Dadya sabarang,
Karyanira lestari.
Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Latihen lan biasakna awakmu urip lan laku prihatin kanthi cara ngurangi mangan lan turu. Kabeh iku minangka srana kanggo ngurangi hawa nepsumu, yen prelu karo tafakur lan ngeningke cipta nyedhak marang sing gawe urip. Kabeh iku bisa ndadekake Kabul/kaleksanan panjangkamu/cita-cita.
Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Biasakanlah melatih dirimu untuk prihatin dengan mengurangi makan dan tidur agar berkurang nafsu yang mengelora, heningkan hatimu hingga tercapai yang kau inginkan.
Pada 2
Ing pangrawuh, lair batin aja mamang,
Yen sira wus udani,
Mring sariranira,
Lamun ana kang murba,
Masesa ing alam kabil
Dadi sabarang,
Pakaryanira ugi.
Terjemahan bebas mawa basa jawa
Aja ragu utawa rangu-rangu marang pengetahuan lair lan batin amarga yen sliramu bisa mangerteni, kabeh bisa kasil. Percaya yen ing donya iki ana kang kuwasa lan nitahake urip yaiku kang Murbeng Dumadi/Gusti.
Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Janganlah ragu terhadap pengetahuan lahir batin. Jika kau memahami bahwa dalam kehidupan ini ada yang berkuasa, mudah-mudahan keinginan terkabul.
Pada 3
Bener luput ala becik lawan beja,
Cilaka mapan saking,
Ing badan priyangga,
Dudu saking wong liya,
Mulane den ngati-ngati,
Sakeh durgama,
Singgahana den eling.
Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Ala, becik, bener, luput iku saka awakmu dhewe, dudu saka wong liya, mulane urip iki kudu ngati-ngati saka sakabehing pitnah, godha marang sliramu. Kabeh kudu kosingkiri kanthi eling lan waspada.
Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Benar salah, baik buruk, serta untung rugi, bukanlah berasal dari dirimu sendiri , bukan dari orang lain. Oleh karena itu, hati-hatilah terhadap segala ancaman, hindari dan ingat.
Pada 4
Apan ana sesiku telung prakara,
Nanging gedhe pribadi,
Puniki lilira,
Yoking telung prakara,
Poma ywa nggunggung sireki,
Sarta lan aja,
Nacad kepati pati.
Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Ana telung prakara kang kudu kokngerteni, yaiku aja gumedhe (angkuh), aja ngece, lan maido marang liyan. Iku wigati kongerteni sajroning urip.
Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Bukankah ada tiga perkara utana yang akan membesarkanmu ? ketiga perkara tersebut adalah jangan menyombongkan diri, jangan mengejek, dan jangan mencela.
Pada 5
Lawan aja maoni sabarabg karya,
Sethithik memaoni,
Samubarang polah,
Tan kena wong kumlebat,
Ing mangsa mengko puniki,
Apan wus lumrah,
Uga padha maoni.
Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Aja nyacad/ngritik lan nyalah-nyalahke pagaweyane wong liya. Kabeh tumindake wong liya tansah dicacati, sarwa ora kebeneran, kabeh dianggep luput. Iku kabeh kagawa ing jaman keterbukaan, kabeh wong oleh ngomong, oleh maido.
Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Jangan mengkritik hasil orang lain, sedikit-sedikit mengkritik, segala tingkah orang lain dikritik. Memang jaman sekarang sudah lumrah orang mengkritik.
Pada 6
Mung tindake dhewe datan winaonan,
Ngrasa bener pribadi,
Sanadyan benera,
Yen tindake wong liya,
Pasti den arani sisip,
Iku wong ala,
Ngganggo bener pribadi.
Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Panggawene dhewe  kang ora dipaido/dicacat, amarga dheweke rumangsa sing bener dhewe, pinter dhewe. Tumindak lan panggawene wong liya senajan bener, diarani luput (salah). Pangira lan pandakwa kang kaya mangkono iku luput amarga kang dadi ukuran bener lan lupute, mung awake dhewe.
Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Hanya hasil karya sendiri yang tidak dikritik karena merasa paling benar. Meskipun benar, perbuatan orang lain pasti dikatakan salah. Hal itu salah karena kebenaran menggunakan (ukuran) diri sendiri.
Pada 7
Nora nana panggawe kang luwih gampang,
Kaya wong memaoni,
Eling-eling sira,
Aja sugih waonan,
Den sami salajening budi,
Ingkang prayoga,
Sapa-sapa kang lali.
Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Ora ana panggawe kang entheng kajaba mung maido wong liya amarga maido iku gampang diucapke, nanging kudu kongerteni , aja kerep maido/nyacat liya, luwih becik tansah duweni pikiran kang becik.
Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Tidak ada perbuatan yang lebih mudah daripada mengkritik. Kau ingatlah, jangan terlalu sering mengkritik, selalulah berpikir baik.
Pada 8
Ingkang eling iku padha angilangna,
marang sanak kanca kang lali,
den nedya raharja,
mangkono tindakira,
yen tan nggugu liya uwis,
teka menenga,
mung aja sok ngrasani.
Terjemahan bebas mawa basa jawa :
Saka sing eling mula elingana. Muga-muga seneng. Kaya ngono kudune, menawa ora nurut mula menenga, lan aja ngrasani
Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Dari yang ingat, maka ingatkan. Kepada sanak dan kerabat semoga bahagia. Begitu seharusnya tindakanmu, namun jika tidak diturut, maka diamlah, namun jangan membicarakan
Pada 9
Nemu dosa gawanen sakpadha-padha,
dene wong ngalem ugi,
yen durung pratela,
ing temen becikira,
aja age nggunggung kaki,
meneh tan nyata,
dadi cirinireki.
Terjemahan bebas mawa basa Jawa :
Awakmu nduwe dosa marang wong liya. Semana uga menawa durung kabukti benere, aja muji sek, anakku. Amarga menawa ora kabukti bakal diece.
Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Kau akan berdosa pada sesama. Begitupun jika kau memuji yang belum kaubuktikan kebenarannya, jangan terburu-buru memuji, Anakku. Karena  jika tidak terbukti malah akan menjadi celaan.
Pada 10
Dene kang wus kaprah ing masa samangkya,
yen ana den senengi,
ing pangalemira,
pan kongsi pandirangan,
matane kongsi malirik,
nadyan alaa,
ginunggung becik ugi.
Terjemahan bebas mawa basa Jawa :
Ana uga kang kedaden ing jaman saiki yaiku ana wong kang disenengi mula dipuji banget nganti pendirangan mripate, senajan elek tetep diarani apik.
Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Adapun yang sering terjadi pada zaman sekarang adalah jika ada orang yang disenanginya maka dipuji setinggi langit sampai matanya melotot, meskipun jelek tetapi tetap dikatakan baik
Pada 11
Aja ngalem aja mada lamun bisa,
yen uga masa mangkin iya ing sabarang,
yen nora sinenengan,
den poyok kapati pati,
nora prasaja,
sabarang kang den pikir.
Terjemahan bebas mawa basa Jawa :
Menawa bisa, aja muji lan ngece. Nanging saiki, menawa ora disenengi arep diece banget, lan akeh kang dipikirake.
Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Kalau bisa, jangan memuji atau mencela. Namun kini, jika tidak disenangi maka akan dicela habis-habisan, yang dipikirkan pun bermacam-macam
Pada 12
Ngandhut rukun becike ngarep kewala,
Ing wuri angarsani,
Ingkang ora-ora,
kabeh kang rinasanan,
ala becik den rasani,
tan parah-parah,
wirangronge gumanti.
Terjemahan bebas mawa basa jawa :
aja lamis, ngalembana yen ana wonge, nanging dicacat entek-entek yen ora ana wonge, malah kabeh wadine/kaelekane dicacat lan dibukak kabeh. Mangkono iku ora bener. Banjur nyandhak tembang sabanjure yaiku tembang wirangrong.
Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :
Pada awalnya, berpura-pura baik, tetapi dibelakang dibicarakan yang bukan-bukan, pembicaraanpun berganti (wirangrong merupakan isyarat pergantian pola tembang berikutnya, yaitu wirangrong)