sugeng rawuh


widget

Kamis, 12 Maret 2015

Sesorah kanthi irah-irahan Marsudi Unggah-Ungguh Basa Jawi Tumrap Kawula Mudha Ing Jaman Modern.



NASKAH TEKS SESORAH
PANYARTA ADU WASIS SAKING MTs N MODEL BABAKAN

Assalamualaikum Wr Wb.
Dumatheng panjenenganipun Bapa/Ibu Juru Pambiji Sesorah ingkang tansah kula hormati,
Dumatheng Bapa/Ibu Dwija Basa Jawi Pandamping Panyarta Adu Wasis Sesorah ingkang kula hormati,
Saha, dumatheng para Panyarta Adu Wasis Sesorah ingkang kula tresnani.
Saderengipun kula nyuwun agunging pangapunten amargi kumowantun cumantaka matur ngadeg wonten ngarsa panjenengan sedaya saperlu ngaturaken sesorah ingkang hanggadahi Irah-irahan “Marsudi Unggah-Ungguh Basa Jawi Tumrap Kawula Mudha ing Jaman Modern”.
Salajengipun sumangga kula aturi sesarengan ngunjukaken raos puji syukur dumatheng ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring kasarasan, karaharjan, sahengga wonten enjang punika kula lan panjenengan taksih saged kempal manunggal hangrawuhi adicara adu wasis sesorah basa Jawi.
Sholawat saha salam mugi tansah katetepaken Allah SWT dumatheng junjungan kula lan panjenengan  Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita ajeng-ajeng syafa’atipun benjang wonten yaumul qiyamah, allohuma amin!
Para rawuh kakung miwah putri ingkang kula hormati,
Kula lan panjenengan sedaya angertos bilih ing madyaning jaman modheren sapunika unggah-ungguh basa ndadosaken sandhungan tumrap basa jawi. Maksudipun ing wekdal punika kathah tiyang ingkang nilar basa jawi, amargi rumaos ribed anggenipun migunakaken basa krama, kuwatos yen klentu utawi kuwalik. Cak-cakanipun unggah-ungguh basapunika dumunung wonten ing basa ngoko lan krama. Nanging ingkang karaos tansah damel ribeding manah punika basa krama. Langkung-langkung tumrap tetiyang ingkang ing pasrawungan sadinten-dinten boten nate utawi awis-awis migunakaken. Ingkang asring nuwuhaken manah prihatos, punika wonten sawatawis brayat mliginipun kawula mudha ingkang langkung seneng ngulinakaken basa mawi basa Indonesia, kanthi alasan langkung gampil, langkung praktis, lan boten badhe tuwuh klenta klentu kados yen migunakaken basa Jawi ingkang mawi undha usuk lan unggah-ungguh. Langkung prihatos malih menawi alasanipun bilih ngginakaken basa Indonesia katingal langkung moncer lan langkung modheren tinimbang yen migunakaken basa jawi. Pramila lajeng sami mlembar migunakaken basa Indonesia utawi basa manca.
Para Rawuh kakung miwah putri ingkang kula hormati,.
Menggah ing tata lair, marsudi unggah-ungguh basapunika ateges nguri-nguri gesangipun basa Jawi, lumeberipun tumut nyengkuyung adegipun budaya lan kagunan Jawi ingkang adiluhung. Nanging sejatosipun, marsudi unggah-ungguh basa ugi ngemu suraos ingkang wigatos lan lebet, inggih punika angudi subasita utawi tatakrama. Wondene wujudipun inggih punika watak andhap asor, seneng ngaosi tiyang sanes kanthi lambaran lantip ing sasmita, tajem ing panggraita, saha mawarni-warni bebuden luhur sarta watak ingkang utami. Malah saestunipun bebuden luhur sartawatak ingkang utami mekaten punika sampun dados satunggaling jatidhirinipun tiyang Jawi, sumrambahipun ugi dados salah satunggaling kapribadenipun bangsa Indonesia.
Tiyang Jawi nengenaken sanget unggah-ungguh, subasita utawi tatakrama, amargi nggadahi watak wantu andhap asor saha seneng ngurmati ing ngasanes. Nanging mboten ateges tiyang Jawi punika lajeng tansah rumaos dados tiyang ingkang asor lan remeh martabatipun. Sami kaliyan bangsa-bangsa sanes, tiyang Jawi tetep tansah njagi ajining dhiri pribadhi. Dene sarananipun inggih malah unggah-ungguh basapunika, awit tiyang ingkang saged ngaosi ing ngasanes, temtu ugi dipunaosi martabatipun. Wonten Sesanti : “Ajining Dhiri Saka lathi”. Wonten ing sesanti kasebat tembung lathi mralambangaken pawicanten utawi wedaling basa. Kanthi mekaten, sesanti punika ngemu suraos bilih tiyang ingkang basanipun sae, tansah migunakaken unggah-ungguh basa, mesthi dipunaosi dening tiyang sanes. Kadosta Hadist Riwayat Bukhori lan Muslim ingkang uninipun مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللهِ وَالْيَوْمِ الآخِرِ فَلْيَقُلْ خَيْراً أًوْ لِيَصْمُت
Ingkang nggadhahi werdi “Sinten mawon ingkang nggadahi iman dumatheng Allah lan dinten kiamat kedahta wicanten ingkang sae menawi mboten langkung sae mendhel.”
Pramila tumrap tiyang Jawi utawi sok sintena ingkang purun marsudi unggah-ungguh basa kanthi tumemen, badhe ngundhuh woh ingkang pangaos, mirunggan ing bab tumindak saha bebuden luhur. Mugiya Gusti Allah tansah paring kekiyatan dumatheng kula lan panjenengan  sedaya kangge tetep marsudi unggah-ungguh basa jawi murih terus gesang lan ngrembaka. amin.!
Mekaten atur kula mbok bilih anggen kula matur kathah klenta-klentunipun lan kirang subasita, kula nyadong sih agunging samudra pangaksami. Matur nuwun awit kawigatosanipun.
Wassalamualaikum Wr. Wb


Tidak ada komentar:

Posting Komentar