Senin, 21 Maret 2016

Serat Wulangreh Dhandhanggula

SERAT WULANGREH DHANDHANGGULA
Anggitan :
Ingkang Sinuwun kanjeng Susuhunan Paku Buwana IV Senapati Ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ing Surakarta Hadiningrat.
1.
Pamedhare wasitaning ati,
cumanthaka aniru pujangga,
dhahat mudha ing batine,
nanging kedah ginunggung,
datan wruh yen akeh ngesemi,
ameksa angrumpaka,
basa kang kalantur,
tutur kang katula-tula,
tinalaten rinuruh kalawan ririh,
mrih padhanging sasmita.
Tegese tembung :
pamedhare = pamulange, ngandhakake, membicarakan.
medhar sabda = sesorah, pidato.
wasita = warsita, wursita, wewarah, piwulang, nasehat.
cumanthaka = kumawani, kumendel, memberanikan diri.
dhahat = banget, sangat.
mudha = bodho, balilu, punggung, bodoh.
ginunggung = gunggung + in = dibombong, dibesarkan hatinya.
angrumpaka = nganggit, ngripta, mengarang.
kalantur = kaladuk, ngayawara, omong kosong.
katula-tula = ngrekasa, asor, ora ana ajine.
rinuruh = ruruh + in = 1. pasuryan kang semu dhungkluk 
ririh= lirih, alon, pelan.
sasmita = sandi, kode, isyarat.
Terjemahannya :
Inilah curahan hati
Berlagak meniru pujangga
Tapi merasa harus disanjung
Tak sadar banyak yang mencibir
Memaksa diri merangkai kata, bahasa yang (justru) ngelantur
Bahasa yang carut marut
yang (jika) dicermati
(hanyalah) untuk terangnya isyarat (kata hati) semata.

2.
Sasmitaning ngaurip puniki,
mapan ewuh yen ora weruha,
tan jumeneng ing uripe,
akeh kang ngaku-aku,
pangrasane sampun udani,
tur durung wruhing rasa,
rasa kang satuhu,
rasaning rasa punika,
upayanen darapon sampurna ugi,
ing kauripanira.
Tegese tembung:
ewuh = ribet, ora kepenak, repot.
tan jumeneng = ora ngenggoni, ora mangerteni, tidak mengetahui.
udani = weruh, tahu, faham.
darapon = supaya, supadi, supadya, supaya.
Terjemahannya :
Makna kehidupan itu
sungguh sayang bila tak tahu
tidak kokoh hidupnya,
banyak orang mengaku,
perasaannya sudah utama,
padahal belum tahu rasa,
rasa yang sesungguhnya,
hakikat rasa itu adalah,
usahakan supaya diri sempurna,
dalam kehidupan.

3.
Jroning Qur'an nggoning rasa yekti,
nanging ta pilih ingkang uninga,
kajaba lawan tuduhe,
nora kena den awur,
ing satemah nora pinanggih,
mundhak katalanjukan,
temah sasar susur,
yen sira ayun waskitha,
sampurnane ing badanira puniki,
sira anggegurua.
Tegese tembung :
yekti = temen, sesungguhnya, sebenarnya.
uninga = weruh,
 tahu.
satemah = wusanane, akhirnya.
katalanjukan = ora bener, ora pas, tidak benar
Terjemahannya :
Dalam Qur’an tempat rasa jati,
tapi jarang orang tahu,
keluar dari petunjuk,
tak dapat asal-asalan,
akhirnya tidak ketemu,
malahan terjerumus,
akhirnya kesasar,
kalau kamu ingin peka,
agar hidupmu sempurna,
maka bergurulah.

4.
Nanging yen sira nggeguru kaki,
amiliha manungsa kang nyata,
ingkang becik martabate,
sarta kang wruh ing kukum,
kang ngibadah lan kang wirangi,
sokur oleh wong tapa,
ingkang wus amungkul,
tan mikir pawewehing lyan,
iku pantes sira guronana kaki,
sartane kawruhana.
Tegese tembung:
wirangi = wara' , wong kang ngedohi larang (maksiat), jauh dari perbuatan dosa.
amungkul = temen, putus, nora mangro tingal, istiqomah
Terjemahannya :
Namun apabila kamu berguru
pilihlah manusia nyata
yang baik martabatnya
serta tahu hukum
yang beribadah dan sederhana
syukur dapat pertapa
yang sudah menanggalkan
pamrih pemberian orang
itu pantas kamu berguru
serta ketahuilah

5.
Lamun ana wong micareng ngelmi,
tan mupakat ing patang prakara,
aja sira age-age,
anganggep nyatanipun,
saringana dipun baresih,
limbangen lan kang patang,
prakara rumuhun,
dalil kadis lan ijemak,
lan kiyase papat iku salah siji,
anaa kang mupakat.
Tegese tembung:
micareng = micara + ing , mulang, ngandhakake, berbicara tentang.
mupakat = cocok, setuju, cocok.
nyatanipun = benere, benar.
baresih = resik, tliti, teliti.
limbangen = dipikir, ditandhingake, 
ditimbang.
rumuhun = dhisik, 
terdahulu.
dalil = hukum adhedhasar Al Qur'an
kadis = hukum adhedhasar pangandikane, tindake Kanjeng Nabi
ijemak = hukum adhedhasar pamanggihe para ulama.
kiyas = hukum adhedhasar lelakon kang nate kedadean.
Terjemahannya :
Kalau ada orang bicara ilmu
tak setuju empat perkara
jangan cepat-cepat
percaya padanya
saringlah yang teliti
pertimbangkan empat hal
perkara terdahulu
dalil hadis dan ijma’
dan keempat qiyas semua
telah disepakati

6.
Ana uga kena denantepi,
yen ucul saka patang prakara,
nora enak legetane,
tan wurung tinggal wektu,
panganggepe wus angengkoki,
aja kudu sembahyang,
wus salat katengsun,
banjure mbuwang sarengat,
batal karam nora nganggo den rawati,
bubrah sakehing tata.
Tegese tembung:
legetane = dadine, wusanane, isine perkara(?)
angengkoki = bener, jumeneng, pada tempatnya.
katengsun = garisku
kat = khat = garis.
sarengat = syari'at, aturan agama kang kudu dilakoni.
den rawati = diopeni, dipelihara.
Terjemahannya :
Ada juga yang mantab
kalau tepat empat perkara
sungguh tidak tepat
hanya meninggalkan waktu
menganggap sudah tepat
hendak tidak shalat
hanya bikin tanggung
lalu membuang syariat
batal haram tak peduli
lalu bikin kacau

7.
Angel temen ing jaman samangkin,
ingkang pantes kena ginuronan,
akeh wong jaja ngelmune,
lan arang ingkang manut,
yen wong ngelmu ingkang netepi,
ing panggawening sarak,
denarani luput,
nanging ta asesenengan,
nora kena den wor kakarepaneki,
papancene priyangga.
Tegese tembung:
samangkin = saiki, sekarang.
ginuronan = diguroni, digurui.
jaja = adol, menjajakan.
asesenengan = manut karepe dhewe-dhewe, menurut kehendaknya pribadi.
kakarepaneki = kakarepan + iki = karepe iki, kehendaknya
papancene = jatah, takdir.
priyangga = dhewe, sendiri.
Terjemahannya :
Sungguh sulit jaman sekarang
Mana yang pantas diteladani
(Meski) banyak yang hebat ilmunya
Tetapi jarang yang taat
Jikalau orang berilmu yang menjelaskan.
Jika orang berbuat baik
Dikatakan salah
Tetapi jika hanya bersenang-senang
Tak bisa dimengerti apa maksudnya
Betul-betul orang hebat

8.
Ingkang lumrah ing mangsa puniki,
mapan guru ingkang golek sabat,
tuhu kuwalik karepe,
kang wus lumrah karuhun,
jaman kuna mapan si murid,
ingkang padha ngupaya,
kudu anggeguru,
ing mengko iki tan ora,
kyai guru naruthuk ngupaya murid,
dadia kanthinira.
Tegese tembung :
mangsa = waktu, jaman, waktu.
sabat = sahabat, murid.
naruthuk = thruthukan, pergi kesana ke mari.
ngupaya = golek, mencari.
kanthinira = bature, rewange, muride, muridnya.
Terjemahannya :
Umumnya dijaman sekarang
Justru guru yang mencari teman
Benar-benar terbalik keadaanya
Jamaknya (begitulah) yang biasa terjadi
Kalau jaman dulu, muridlah
Yang mencari guru
Tapi sekarang tidak
Kyai Guru berkeliaran mencari murid
Agar ikut dengannya


Rabu, 09 Maret 2016

Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH

Serat Wulangreh misuwur wonten bebrayan tiyang Jawi. Serat wulangreh anggitanipun Sri Pakubuwono IV punika nggadhahi basa ingkang gampil dipuntampi. Gampil dipunpundhut piwulangipun. Serat Wulangreh punika nggadhahi 13 pupuh antawisipun dhandanggula, kinanthi, gambuh, pangkur, maskumambang, dudukwuluh, durma, wirongrang, pocung, mijil, asmaradana, sinom, lan girisa.

Ingkang badhe kula rembang inggih punika pupuh gambuh. Pupuh gambuh wonten serat wulangreh kababar dados 17 tembang. Piwulang ingkang saged dipunpundhut babagan tiyang kang kedah nebihi watak adigang adigung adiguna. Adigang ateges ngendelaken kuwasa, adigung ateges ngendelaken kakuwatan, lan adiguna ateges ngendelaken kapinteran. Watak tetiga punika kedah dipuntebihi amarga saged ndamel setunggaling tiyang keblinger. Sapunika isinipun piwulang wonten ing serat wulangreh pupuh gambuh.
01
Sekar gambuh ping catur, kang cinatur polah kang kalantur, tanpa tutur katula-tula katali, kadaluwarsa kapatuh, katuruh pan dadi awon.
Sekar gambuh pola yang keempat,  yang menjadi bahan perbincangan adalah perlaku yang tidak teratur, tidak mau mendengar nasihat, semakin lama semakin tak terkendali, hal ini akan berakibat buruk.

02
Aja nganti kabanjur, barang polah ingkang nora jujur, yen kebanjur sayekti kojur tan becik, becik ngupayaa iku, pitutur ingkang sayektos.
Jangan sampai kau terlanjur dengan tingkah polah yang tidak jujur, jika sudah telanjur akan mecelakakan, dan hal itu tidak baik. Oleh karena itu, berusahalah ajaran yang sejati.

03
Tutur bener puniku, sayektine apantes tiniru, nadyan metu saking wong sudra papeki, lamun becik nggone muruk, iku pantes sira anggo.
Ajaran yang benar itu patut kau ikuti, meskipun berasal dari orang yang rendah derajatnya, namun jika baik dalam mengajarkan, maka ia pantas kau terima.

04
Ana pocapanipun, adiguna adigang adigung, pan adigang kidang adigung pan esthi, adiguna ula iku, telu pisan mati sampyoh.
Ada kiasan yang berbunyi adiguna, adigang, adigung, adigang kiasan kijang, adigung kiasan gajah, dan adiguna kiasan ular. Ketiganya mati bersamaan.

05
Si kidang ambegipun, angandelaken kebat lumpatipun, pan si gajah angandelken gung ainggil, ula ngandelaken iku, mandine kalamun nyakot.
Tabiat si kijang adalah menyombongkan kecepatannya berlari, si gajah menyombongkan tubuhnya yang tinggi besar, sedangkan si ular menyombongkan bisaya yang ganas bila menggigit.

06
Iku upamanipun, aja ngandelaken sira iku, suteng nata iya sapa kumawani, iku ambeke wong digang, ing wasana dadi asor.
Itu semua hanya perumpamaan, janganlah kau menyombongkan diri karena putra raja sehingga merasa tidak mungkin ada yang berani, itu tabiat yang adiganng, ujung-ujungnya merendahkanmu.

07
Adiguna puniku, ngandelaken kapinteranipun, samubarang kabisan dipundheweki, sapa bisa kaya ingsun, togging prana nora enjoh.
Watak adiguna adalah menyombongakan kepandaiannya, seluruh kepandaian adalah miliknya. Siapa yang bisa seperti aku, padahal akhirnya tidak sanggup.

08
Ambek adigung iku, angungasaken ing kasuranipun, para tantang candhala anyenyampahi, tinemenan nora pecus, satemah dadi geguyon.
Tabiat orang adigung adalah menyombongkan keperkasaan dan keberaniannya, semuanya ditantang berkelahi, bengis, dan suka mencela. Tetapi jika benar-benar dihadapi, ia tak akan melawan, bahkan jadi bahan tertawaan.

09
Ing wong urip puniku, aja nganggo ambek kang tetelu, anganggowa rereh ririh ngati-ati, den kawangwang barang laku, kang waskitha solahing wong.
Dalam kehidupan, jangan kau kedepankan tiga tabiat tersebut, berlakulah sabar, cermat, dan hati-hati. Perhatikan segala tingkah laku, waspadai segala perilaku orang lain.

10
Dene tetelu iku, si kidang suka ing panitipun, pan si gajah alena patinireki, si ula ing patinipun, ngandelaken upase mandos.
Dari ketiganya itu, si kijang mati karena kegembiraannya, gajah mati karena keteledorannya, sedangkan ular mati karena keganasan bisanya.

11
Tetelu nora patut, yen tiniru mapan dadi luput, titikane wong anom kurang wewadi, bungah akeh wong kang nggunggung, wekasane kajalomprong.
Ketiganya tidak patut kau tiru, kalau kau tiru akibatnya akan buruk. Ciri-ciri pemuda adalah tidak dapat menyimpan rahasia , senang bia banyak yang menyanjung yang akhirnya menjerumuskan.

12
Yen wong anom iku, kakehan panggunggung, dadi kumprung, pengung bingung wekasane pan angoling, yen ginunggung muncu-muncu, kaya wudun meh mencothot.
Jika pemuda terlalu banyak sanjungan, maka ia menjadi tolol, tuli, dan bingung, akhirnya mudah diombang-ambingkan, jika sedang dimuji, maka monyong seperti bisul yang hampir meletus

13
Dene kang padha nggunggung, pan sepele iku pamrihipun, mung warege wadhuk kalimising lathi, lan telese gondhangipun, reruba alaning uwong.
Adapun yang senang menyanjung sangat sederhana keinginannya, yaitu kenyang perut, basah lidah dan tenggorokan dengan menjual keburukan orang lain.

14
Amrih pareke iku, yen wus kanggep nuli gawe umuk, pan wong akeh sayektine padha wedi, tan wurung tanpa pisungsung, adol sanggup sakehing wong.
Supaya dekat (dengan atasan). Jika sudah terpakai kemudian membuat ulah dengan membuat orag menjadi takut sehingga ia menerima upeti dari hasil menjual kemampuan orang lain.

15
Yen wong mangkono iku, nora pantes cedhak lan wong agung, nora wurung anuntun panggawe juti, nanging ana pantesipun, wong mangkono didhedheplok.
Orang seperti itu tidak pantas untuk berdekata dengan pembesar karena dapat mendorong untuk berbuat jahat. Meskipun begitu tetap ada kepantasannya, yaitu ditumbuk.

16
Aja kakehan sanggup, durung weruh tuture agupruk, tutur nempil panganggepe wruh pribadi, pangrasane keh kang nggunggung, kang wus weruh amalengos.
Jangan terlalu merasa tahu banyak. Belum melihat dengan mata kepala sendiri tetapi banyak berbicara, bahkan hanya dengan mendengar seolah-olah mengetahui sendiri. Dikiranya banyak yang menyanjung, padahal yang mengetahuinya akan memalingkan muka.

17
Aja nganggo sireku, kalakuwan kang mangkono iku, nora wurung cinirenen den titeni, mring pawong sanak sadulur, nora nana kang pitados.
Oleh karena itu, Nak. Jangan kau bersikap seperti itu karena pasti akan mencadi catatan dalam hati sanak saudara. Mereka tidak akan percaya lagi kepadamu.


Punika ingkang saged kula babar saking serat Wulangreh pupuh Gambuh anggitanipun Sri Pakubuwono IV.

Ajaran Jawa dalam Serat Wulangreh Pupuh Kinanthi

MENGURAI AJARAN JAWA
DALAM SERAT WULANGREH PUPUH KINANTHI
Serat Wulang Reh adalah salah satu karya Sastra Jawa karangan Sri Pakubuwono ke IV. Serat ini sangat terkenal dalam masyarakat Jawa tempoe doeloe (karena saya tidak yakin apakah para pemuda masa kini masih mau mempelajarinya). Isinya tentang kebaikan yang dapat dijadikan pegangan hidup, dengan bahasa yang sederhana sehingga mudah dipahami.
Serat Wulang Reh yang merupakan karya sastra berbentuk tembang, terdiri atas 13 pupuh, yaitu: (1) Dhandhanggula (berisi tentang ajaran cara memilih guru), (2) Kinanthi (berisi ajaran tentang cara bergaul/memilih teman), (3) Gambuh (berisi tentang larangan memiliki watak adigang, adigung, adiguna), (4) Pangkur (berisi ajaran tentang tatakrama, perbedaan baik dan buruk dan cara melihat perwatakan manusia), (5) Maskumambang (berisi ajaran tentang melakukan sembah), (6) Dudukwuluh (berisi ajaran tentang cara mengabdi kepada raja), (7) Durma (berisi ajaran tentang cara mengendalikan hawa nafsu), (8) Wirangrong (berisi ajaran tentang baik-buruknya budi), (9) Pucung (berisi ajaran tentang bagaimana cara mempererat tali persaudaraan dan memahami isi bacaan), (10) Mijil (berisi ajaran tentang berserah dan bersyukur), (11) Asmaradana (berisi ajaran tentang bagaimana menjalani agama), (12) Sinom (berisi ajaran tentang dasar-dasar perlaku) dan (13) Girisa (berisi ajaran tentang pesan serta doa Sang Pujangga).
Serat Wulangreh merupakan salah satu karya sastra yang diciptakan oleh Sri Susuhunan Pakubuwono IV sebagai peringatan, pedoman dan nasihat dalam menjalani laku hidup yang benar. Serat Wulangreh  mengandung beberapa ajaran dalam susunan yang tematik. Masing-masing tema dituangkan dalam pupuh-pupuh tembang atau sekar.
Dalam ajaran Jawa, ada dua faktor yang mengancam kehidupan manusia, yaitu nafsu (nepsu) dan egoisme .  Oleh karena itu manusia harus dapat mengendalikan nafsu-nafsunya dan melepaskan pamrihnya (egonya). Nafsu adalah dorongan primitip dalam diri manusia yang dapat membunuh  kendali diri. Selain itu nafsu juga memboroskan kekuatan batin serta  melumpuhkan akal sehat.  Manusia yang dikuasai  nafsu tidak lagi bisa mengembangkan jiwa halusnya,  tingkah lakunya membahayakan ketentraman serta menimbulkan konflik dan ketegangan dalam masyarakat.
Serat Wulangreh dalam pupuh Kinanthi ini intinya menganjurkan agar manusia menjalankan laku tapa dengan mengurangi makan dan tidur agar terbebas dari nafsu (pada 1 dan 2). Pada-pada  selanjutnya (3 s/d 16) dalam pupuh Kinanthi ini diberikan petujuk bagaimana orang harus menjaga laku dalam bebagai pergaulan serta menunjukkan  baik buruknya pengaruh pergaulan  terhadap jiwa kita. Ada petunjuk bahwa manusia itu rawan terhadap berkobarnya nafsu terutama dalam diri kaum muda.
Di bawah ini diuraikan makna dari setiap pupuh menurut tema ajaran sehingga uraiannya tidak sesuai dengan urutan dalam buku Serat Wulangreh.
01
Padha gulangen ing kalbu,// ing sasmita amrip lantip,// aja pijer mangan nendra,// ing kaprawiran den kesthi,// pesunen sarinira//  sudanen dhahar lan guling.
Latihlah hatimu // tentang suara hati agar menjadi ahli // jangan terlalu banyak makan dan tidur // tentang sifat keperwiraan agar menjadi cita-cita // ambilah intisarinya // kurangilah makan dan minum.
02
Dadia lakunireku,// cegah dhahar lawan guling,// lan aja sukan-sukan,// anganggoa sawatawis,// ala watake wong suka,// nyuda prayitnaning batin.
Jadikanlah kebiasaan // menahan makan dan tidur // dan jangan bersuka-suka // bersuka-sukalah sekedarnya // karena jelek watak atas orang yang senang bersuka-suka // karena akan mengurangi kewaspadaan batin.
03
Yen wis tinitah wong agung,// aja sira nggunggung dhiri,// aja leket lan wong ala,// kang ala lakunireki,// nora wurung ngajak-ajak,// satemah anunulari.
Jika sudah ditakdirkan menjadi orang terhormat // janganlah engkau menguja diri // jangan bersahabat dengan orang yang bersifat jahat // yang jelek kelakuannya // tidak lain selalu mengajak // sehingga engkau tertular sifat jeleknya.
04
Nadyan asor wijilipun,// yen kalakuane becik,// utawa sugih carita,// carita kang dadi misil,// iku pantes raketana,// darapin mundhak kang budi.
Walau keturunan rakyat jelata // jika kelakuannya baik // atau banyak cerita // cerita yang bisa dijadikan pelajaran // itu yang pantas engkau jadikan sahabat // dengan harapan akan memperbaiki budi pekerti.
05
Yen wong anom pan wis tamtu,// manut marang kang ngadhepi,// yen kang ngadhep akeh bangsat,// datan wurung bisa juti,// yen kang ngadhep keh durjana,// nora wurung bisa maling.
Jika orang muda memang sudah pasti // tergantung yang menjadi pergaulannya // jika bergaul dengan penjahat // akhirnya pun akan mengetahui ilmunya // jika yang menjadi teman bermainnya para durjana // tidak lain akan mengetahui ilmu pencuri.
06
Sanajan ta nora milu,// pasthi wruh solahing maling,// kaya mangkono sabarang,// panggawe ala puniki,// sok weruha nuli bisa,// yeku panuntuning eblis.
Walau tidak ikut mencuri // pasti akan mengetahui kelakuan pencuri // seperti itulah dalam pergaulan // Perbuatan jelek itu // jika mengetahui maka akan bisa melakukannya // itulah arahan dan ajakan iblis.
07
Panggawe becik puniku,// gampang yen wus den lakoni,// angel yen durung kalakyan,// arasa-arasen nglakoni,// tur iku den lakonana,// mupangati badaneki.
Perbuatan baik itu // mudah jika sudah dijalankan // sulit jika belum dilaksanakan // karena malas untuk memulainya // namun jika dijalankan // bermanfaat bagi diri.
08
Lan wong anom-anom iku,// kang kanggo ing mangsa iki,// andhap-asor dipun simpar,// umbag gumunggung ing dhiri,// obral umuk kang den gulang,// kumenthus lawan kumaki.
Dan orang muda itu // di masa sekarang // sifat sopan sampun telah ditinggalkan // karena sangat menyombongkan diri // mengobral cerita bohong yang selalu dijalankan // mengaku pintar dan mengaku bisa.
09
Sapa sira sapa ingsun,// angalunyat sarta edir,// iku lalabete uga,// nonoman adoh wong becik,// emoh angrungu carita,// carita ala lan becik.
Siapa dirimu siapa saya // berlagak dan bergaya // itu semua karena bekas dari // anak muda yang menjauhi orang baik // tidak mau mendengarkan cerita // atas cerita yang jelek dan cerita yang baik.
10
Carita pan wus kalaku,// panggawe ala lan becik,// tindak bener lan kang ora,// kalebu jro cariteki,// mulane aran carita,// kabeh-kabeh den kawruhi.
Cerita memang sudah menceritakan // perbuatan jahat dan perbuatan baik // kelakuan yang benar dan yang salah // sudah termuat di dalam cerita // sehingga disebut cerita // semuanya harus dimuatnya.
11
Mulane wong anom iku,// becik ingkang ataberi,// jajagongan lan wong wong tuwa,// ingkang sugih kojah ugi,// kojah iku warna-warna,// ana ala ana becik.
Sehingga anak muda itu // lebih baik rajin // duduk bersama dengan orang tua // yang mempunyai banyak cerita // cerita itu bermacam-macam // ada yang baik dan ada yang tidak baik.
12
Ingkang becik kojahipun,// sira anggoa kang pasthi,// ingkang ala singgahana,// aja sira anglakoni,// lan den awas wong akojah,// iya ing mangsa puniki.
Cerita yang baik itu // kamu pakai dengan benar // cerita yang jelek hindarirlah // janganlah kau lakukan cerita yang jelek itu // dan hati-hatilah dalam bercerita // karena di jaman sekarang itu.
13
Akeh wong kang sugih wuwus, ,//  nanging den sampar pakolih, ,//  amung badane priyangga, ,//  kang den pakolihken ugi, ,//  panastene kang den umbar, ,//  tan na nganggo sawatawis.
Banyak orang yang pintar bercerita // namun di buang cerita baiknya // hanya badan sendiri /// yang dijadikan contoh dalam ceritanya // panas hatinya yang di uraikan // tidak mempergunakan pertimbangan.
14
Aja na wong bisa tutur, ,//  ngemungna ingsun pribadi, ,//  aja na kang amamadha, ,//  angrasa pinter pribadi, ,//  iku setan nunjang-nunjang, ,//  tan pantes dipun pareki.
Jangan sampai ada yang bisa bercerita // hanya dirinya sendiri saja // jangan sampai ada yang menyamainya // karena merasa paling pinter // itu sifat setan yang tersesat // tidak pantas untuk didekati.
15
Sikokna den kaya asu, ,//  yen wong kang mangkono ugi, ,//  dahwen open nora layak,//  yen sira sandhingan linggih, ,//  nora wurung katularan,//  becik singkarana ugi.
Katailah bagaikan anjing // jika orang yang demikian biasanya juga // mempunyai sifat yang tidak baik suka mencampuri urusan orang // jika kamu jadikan teman duduk // akhirnya pun kamu akan tertular // lebih baik kamu hindari saja.
16
Poma-poma wekasingsun, //  mring kang maca layang iki,,//  lahir batin den estokna,//  saunine layang iki, //  lan den bekti mring wong tuwa,//  ing lahir prapta ing batin.

Perhatikanlah pesanku ini // kepada yang membaca Serat ini // lahir batin patuhilah // isi dari Serat ini // dan berbaktilah kepada kedua orang tua // dalam lahir maupun dalam batin.