SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH
Serat Wulangreh
misuwur wonten bebrayan tiyang Jawi. Serat wulangreh anggitanipun Sri
Pakubuwono IV punika nggadhahi basa ingkang gampil dipuntampi. Gampil
dipunpundhut piwulangipun. Serat Wulangreh punika nggadhahi 13 pupuh
antawisipun dhandanggula, kinanthi, gambuh, pangkur, maskumambang, dudukwuluh,
durma, wirongrang, pocung, mijil, asmaradana, sinom, lan girisa.
Ingkang badhe kula
rembang inggih punika pupuh gambuh. Pupuh gambuh wonten serat wulangreh kababar
dados 17 tembang. Piwulang ingkang saged dipunpundhut babagan tiyang kang kedah
nebihi watak adigang adigung adiguna. Adigang ateges ngendelaken kuwasa,
adigung ateges ngendelaken kakuwatan, lan adiguna ateges ngendelaken
kapinteran. Watak tetiga punika kedah dipuntebihi amarga saged ndamel
setunggaling tiyang keblinger. Sapunika
isinipun piwulang wonten ing serat wulangreh pupuh gambuh.
01
Sekar gambuh ping catur, kang cinatur polah kang kalantur, tanpa tutur
katula-tula katali, kadaluwarsa kapatuh, katuruh pan dadi awon.
Sekar gambuh pola yang keempat,
yang menjadi bahan perbincangan adalah perlaku yang tidak teratur, tidak
mau mendengar nasihat, semakin lama semakin tak terkendali, hal ini akan
berakibat buruk.
02
Aja nganti kabanjur, barang polah ingkang nora jujur, yen kebanjur
sayekti kojur tan becik, becik ngupayaa iku, pitutur ingkang sayektos.
Jangan sampai kau terlanjur dengan tingkah polah yang tidak jujur, jika
sudah telanjur akan mecelakakan, dan hal itu tidak baik. Oleh karena itu,
berusahalah ajaran yang sejati.
03
Tutur bener puniku, sayektine apantes tiniru, nadyan metu saking wong
sudra papeki, lamun becik nggone muruk, iku pantes sira anggo.
Ajaran yang benar itu patut kau ikuti, meskipun berasal dari orang yang
rendah derajatnya, namun jika baik dalam mengajarkan, maka ia pantas kau
terima.
04
Ana pocapanipun, adiguna adigang adigung, pan adigang kidang adigung pan
esthi, adiguna ula iku, telu pisan mati sampyoh.
Ada kiasan yang berbunyi adiguna, adigang, adigung, adigang kiasan
kijang, adigung kiasan gajah, dan adiguna kiasan ular. Ketiganya mati
bersamaan.
05
Si kidang ambegipun, angandelaken kebat lumpatipun, pan si gajah
angandelken gung ainggil, ula ngandelaken iku, mandine kalamun nyakot.
Tabiat si kijang adalah menyombongkan kecepatannya berlari, si gajah
menyombongkan tubuhnya yang tinggi besar, sedangkan si ular menyombongkan
bisaya yang ganas bila menggigit.
06
Iku upamanipun, aja ngandelaken sira iku, suteng nata iya sapa kumawani,
iku ambeke wong digang, ing wasana dadi asor.
Itu semua hanya perumpamaan, janganlah kau menyombongkan diri karena
putra raja sehingga merasa tidak mungkin ada yang berani, itu tabiat yang
adiganng, ujung-ujungnya merendahkanmu.
07
Adiguna puniku, ngandelaken kapinteranipun, samubarang kabisan
dipundheweki, sapa bisa kaya ingsun, togging prana nora enjoh.
Watak adiguna adalah menyombongakan kepandaiannya, seluruh kepandaian
adalah miliknya. Siapa yang bisa seperti aku, padahal akhirnya tidak sanggup.
08
Ambek adigung iku, angungasaken ing kasuranipun, para tantang candhala
anyenyampahi, tinemenan nora pecus, satemah dadi geguyon.
Tabiat orang adigung adalah menyombongkan keperkasaan dan keberaniannya,
semuanya ditantang berkelahi, bengis, dan suka mencela. Tetapi jika benar-benar
dihadapi, ia tak akan melawan, bahkan jadi bahan tertawaan.
09
Ing wong urip puniku, aja nganggo ambek kang tetelu, anganggowa rereh
ririh ngati-ati, den kawangwang barang laku, kang waskitha solahing wong.
Dalam kehidupan, jangan kau kedepankan tiga tabiat tersebut, berlakulah
sabar, cermat, dan hati-hati. Perhatikan segala tingkah laku, waspadai segala
perilaku orang lain.
10
Dene tetelu iku, si kidang suka ing panitipun, pan si gajah alena
patinireki, si ula ing patinipun, ngandelaken upase mandos.
Dari ketiganya itu, si kijang mati karena kegembiraannya, gajah mati
karena keteledorannya, sedangkan ular mati karena keganasan bisanya.
11
Tetelu nora patut, yen tiniru mapan dadi luput, titikane wong anom
kurang wewadi, bungah akeh wong kang nggunggung, wekasane kajalomprong.
Ketiganya tidak patut kau tiru, kalau
kau tiru akibatnya akan buruk. Ciri-ciri pemuda adalah tidak dapat menyimpan
rahasia , senang bia banyak yang menyanjung yang akhirnya menjerumuskan.
12
Yen wong anom iku, kakehan panggunggung, dadi kumprung, pengung bingung
wekasane pan angoling, yen ginunggung muncu-muncu, kaya wudun meh mencothot.
Jika pemuda terlalu banyak sanjungan, maka ia menjadi tolol, tuli, dan
bingung, akhirnya mudah diombang-ambingkan, jika sedang dimuji, maka monyong
seperti bisul yang hampir meletus
13
Dene kang padha nggunggung, pan sepele iku pamrihipun, mung warege
wadhuk kalimising lathi, lan telese gondhangipun, reruba alaning uwong.
Adapun yang senang menyanjung sangat sederhana keinginannya, yaitu
kenyang perut, basah lidah dan tenggorokan dengan menjual keburukan orang lain.
14
Amrih pareke iku, yen wus kanggep nuli gawe umuk, pan wong akeh
sayektine padha wedi, tan wurung tanpa pisungsung, adol sanggup sakehing wong.
Supaya dekat (dengan atasan). Jika
sudah terpakai kemudian membuat ulah dengan membuat orag menjadi takut sehingga
ia menerima upeti dari hasil menjual kemampuan orang lain.
15
Yen wong mangkono iku, nora pantes cedhak lan wong agung, nora wurung
anuntun panggawe juti, nanging ana pantesipun, wong mangkono didhedheplok.
Orang seperti itu tidak pantas untuk berdekata dengan pembesar karena
dapat mendorong untuk berbuat jahat. Meskipun begitu tetap ada kepantasannya,
yaitu ditumbuk.
16
Aja kakehan sanggup, durung weruh tuture agupruk, tutur nempil
panganggepe wruh pribadi, pangrasane keh kang nggunggung, kang wus weruh
amalengos.
Jangan terlalu merasa tahu banyak. Belum melihat dengan mata kepala
sendiri tetapi banyak berbicara, bahkan hanya dengan mendengar seolah-olah
mengetahui sendiri. Dikiranya banyak yang menyanjung, padahal yang
mengetahuinya akan memalingkan muka.
17
Aja nganggo sireku, kalakuwan kang mangkono iku, nora wurung cinirenen
den titeni, mring pawong sanak sadulur, nora nana kang pitados.
Oleh karena itu, Nak. Jangan kau bersikap seperti itu karena pasti akan
mencadi catatan dalam hati sanak saudara. Mereka tidak akan percaya lagi
kepadamu.
Punika ingkang saged kula babar saking serat Wulangreh
pupuh Gambuh anggitanipun Sri Pakubuwono IV.
Kak?? maksud nya itu kita disuruh cari isi pupuh gambuh (piwulang becik) mksih
BalasHapusSusuhunan Pakubuwono IV) lahir di Surakarta, 2 September 1768 – meninggal di Surakarta, 2 Oktober 1820 pada umur 52 tahun, adalah raja ketiga Kasunanan Surakarta yang memerintah tahun 1788 – 1820.
BalasHapusSusuhunan Pakubuwono IV) lahir di Surakarta, 2 September 1768 – meninggal di Surakarta, 2 Oktober 1820 pada umur 52 tahun, adalah raja ketiga Kasunanan Surakarta yang memerintah tahun 1788 – 1820.
BalasHapusMakasih kak
BalasHapusMerangkum pada 3 dan pada 4 gimana
BalasHapusMaturnuwun
BalasHapusmasih harus belajar byk dg bhs jawa...terimakasih
BalasHapusPak saya sudah membaca semua nya dan memahami apa yg ada di materi
BalasHapusSaya sudah membaca dan saya memahaminya
BalasHapusKan disuruh nyari parafrase
BalasHapus