sugeng rawuh


widget

Jumat, 18 Oktober 2013

Geguritan

GEGURITAN

Tegese geguritan
·         Geguritan saka tembung lingga ‘gurita’ yaiku owah-owahan saka tembung ‘gerita’. Dene tembung ‘gerita’ iku saka tembung lingga ‘gita’ kang nduweni teges tembang utawa syair.
·         Ana uga kang nduweni panemu yen geguritan iku saka tembung lingga ‘gurit’ kang nduweni teges tembang, kidung, syair. 
·         Miturut kamus, geguritan yaiku tembang uran-uran utawa karangan kang pinathok kayadene tembang, nanging guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane ora ajeg.
·         Miturut Raminah Baribin (2005) geguritan iku iketaning basa kaya dene syair. Mula saperangan pawongan ana kang ngarani utawa nyebut syair Jawa gagrag anyar.
Saka maneka teges geguritan ing dhuwur bisa kajupuk dudutane (kesimpulane), geguritan yaiku wohing kasusastran Jawa anyar awujud syair kang tanpa nganggo paugeran/pathokan tartamtu.
Titikane geguritan
Titikane geguritan yaiku:
·         Ora kawengku ing pathokan
·         Dudu basa padinan
·         Migunakake tembung-tembung kang pinilih
·         Cacahe larikan ora katemtokake
·         Isine mentes
·         Arang-arang nggunakake tembung-tembung pangiket
Jinise geguritan
1.      Geguritan Kuna
Geguritan kuna nduweni pathokan/paugeran:
a.    Cacahe gatra (larikan) ora ajeg, nanging sithik-sithike papat.
b.    Cacahing wanda (suku kata) ing saben gatra utawa larik kudu padha akehe
c.    Tibaing swara (guru lagu) kudu runtut
d.    Sangarepe guritan diwiwiti tembung “Sun nggurit”, utawa “Sun Ngegurit”
Contoh geguritan Kuna:
Sun nggegurit:
Kahanan jaman saiki
Sipat pemudha-pemudhi
Srawunge saya ndandi
Raket wewekaning sepi
Tan kadi jaman nguni
Srawung sarwa ngati-ati
2.    Geguritan Anyar
Guritan anyar (geguritan) tegese rumpakan kang ora kaiket ing paugeran dene edi penine rumpakan ngendelake tembung kang mentes lan pilihan.
3.  Geguritan mawa dhapukan tartamtu
Miturut pandhapuke ukara lan pangiketing tembung, arane geguritan iku warna-warna, kayata:
1.              Rong gatra sapada, diarani gita dwigatra (distikon)
2.              Telung gatra sapada, diarani gita trigatra (terzina)
3.              Patang gatra sapada, diarani gita caturgatra (kuatrain)
4.              Limang gatra sapada, diarani pancagatra (kuin)
5.              Nem gatra sapada, diarani gita sadgatra (sekstet)
6.              Pitung gatra sapada, diarani saptagatra (saptima)
7.              Wolung gatra sapada, diarani gita hastagatra (oktavo)
8.              Sangang gatra sapada, diarani gita nawagatra
9.              Dhapur soneta
10.          Tanpa tinamtu diarani gita mardika (puisi bebas)
B.                                     Maca Geguritan
Geguritan bisa kanggo medharake utawa ngandharake isine ati lan aweh piwulang, pepeling, sarta pitutur marang wong sing maca. Sawijining geguritan bakal luwih gampang olehe nggoleki amanat utawa piwulang kang ana sajroning geguritan kanthi cara diparafrasekake luwih dhisik. Parafrase geguritan tegese proses owah-owahan saka wujud geguritan didadekake wujud gancaran utawa paragraf,  kanthi ancas supaya maknane/tegese geguritan luwih cetha lan gamblang. Geguritan iku bisa dirasakake kanthi maca utawa ngrungokake, satemah bisa:
1.        Nemokake pesen (amanat/piwulang) kang kamot ing sajroning geguritan,
2.         Nemtokake sebab kang ndadekake endahing geguritan,
3.        Gawe gambaran tumrap geguritan kang diwaca utawa dirungokake.
Kang perlu digatekake jroning nyulih wedharaning geguritan / gancaran  yaiku:
1.        Maca tulisan (naskah) kanthi setiti
2.        Ngira-ira tetembungan kang diilangi, nuli mbalekake
3.        Njingglengi ten ana pasemin utawa pralambang sing dienggo
4.        Njarwani (menafsirkan makna) pasemon utawa pralambange
5.        Ngupakara (merangkaikan) ukara-ukara saka panaliten dadi sawijining gancaran

Kanggo ngelingake maneh apa wae sing kudu digatekake nalika maca geguritan, ing ngisor iki perangan-perangan sing kudu disemak lan diugemi,yaiku:
1.        Wirama (irama/lagu)
Irama kudu digatekake nalika maca geguritan, umpamane banter, alon, cetha utawa samar, lan sapanunggalane. Nalika maca geguritan sing surasane semangat kudu nyuwara sora, beda nalika maca geguritan sing surasane ngemu kasusahan, kudu alon, alus, lan melas.
2.        Wirasa (rasaning swasana ati)
Surasane utawa isine geguritan kudu dimangerteni tegese utawa karepe. Nuli anggone maca ngetrepake utawa nyelarasake karo isining geguritan, yaiku susah, seneng,wibawa, getun, nesu lan sapanunggalane.
3.        Wiraga (obahing awak)
Obahing awak yaiku aja kaku, luwes wae, mlaku uga prayoga, ngobahake peranganing awak kanggo mbangun swasana. Pasemon, praenan kudu selaras karo isining geguritan nanging aja banget-banget.
4.        Wicara (pocapan)
Pocapan sing cetha nalika ngucapake aksara swara, wanda, lan tembung.
          Nulis/nggawe geguritan
Jaman saiki panulise geguritan beda karo ing jaman biyen ora nganggo paugeran pinathok. Geguritan ing jaman biyen diarani puisi Jawa Kuna utawa puisi Jawa gagrag lawas, jalaran kaiket dening guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Ing puisi Jawa Kuna mesthi kawiwitan tembung “Sun anggurit” utawa “Sun Nggegurit”. Ing puisi Jawa anyar utawa geguritan, kabeh aturan mau ora ana. Cacahe gatra, wilangan, lan lagune bebas.
Carane nulis geguritan yaiku:
1.         Nemtokake tema,
2.         Milih tetembungan kang mentes
3.         Endah lan cekak,
4.        Menehi irah-irahan kang jumbuh karo isine geguritan


Tidak ada komentar:

Posting Komentar